Serat Bayanullah merupakan salah satu karya sastra klasik Jawa yang secara khusus membicarakan aliran pemikiran dan keagamaan menyimpang. Kitab karya Raden Panji Natarata alias Raden Sasrawijaya[1] yang disusun dalam metrum tembang Macapat ini, bisa dikatakan merupakan catatan komprehensif yang mengetengahkan kritik terhadap berbagai aliran pemikiran dan keagamaan yang berkembang pada masa kehidupannya.
Naskah Serat Bayanullah pernah dimuat dalam salah satu terbitan Almanak H. Buning dengan menggunakan aksara Jawa pada tahun 1920.[2] Pada 1959, R. Tanaya[3] pernah mengumpulkan sejumlah karya Raden panji Natarata, termasuk Serat Bayanullah, dalam buku yang ia beri judul “Kalempaking Serat-serat Natarata” (Kumpulan Naskah-naskah Natarata).[4] Pada 1975, Raden Bratakesawa, seorang budayawan muslim di Yogyakarta, merasa perlu menerbitkan kembali karya ini dengan menggunakan aksara latin agar diketahui masyarakat luas. Raden Bratakesawa melakukan kerja yang bersifat filologis ini dengan membandingkan antara naskah Almanak H. Buning dengan naskah lain yang masih berupa tulisan tangan. Sejumlah kesalahan penulisan, kekeliruan kalimat, atau ketidaksesuaian yang mungkin timbul dalam metrum tembang Jawa ia betulkan dengan memberikan catatan kaki.
Alur secara umum dari naskah klasik ini sebenarnya menjelaskan tentang ajaran sangkan paraning dumadi yaitu suatu ajaran khas Jawa yang mengetengahkan pembahasan tentang konsep asal mula (= sangkan) dan tujuan (= paran) penciptaan manusia. Dalam konsep sangkan ia menjelaskan bahwa eksistensi manusia di dunia diawali dengan proses penciptaan Adam. Sedangkan paran(tujuan) manusia pada akhirnya mengarah pada upaya untuk mencapai kaswargan (masuk surga).
Usaha manusia untuk memasuki kaswargan ini bukan perkara yang sederhana. Berbagai cobaan dan hambatan akan senantiasa merintangi perjalanan manusia. Sejumlah aliran pemikiran dan keagamaan menyimpang akan menggelincirkan manusia dari jalan yang benar. Berangkat dari dasar pemikiran semacam inilah, Raden Panji Natarata lantas menyusun daftar sejumlah aliran pemikiran dan keagamaan menyimpang di tanah Jawa yang ia temui sepanjang proses pencarian ilmunya. Ia berharap agar masyarakat Jawa dapat memahami hal ini sehingga tidak mudah terjerembab ke dalam kesesatan.
SERAT BAYANULLAH
Anggitanipun swargi Raden Panji Natarata
Kepala Dhistrik Ngijon Ing Ngayogyakarta
Inggih Raden Sasrawidjaja Guru Bahasa Jawi
Ing Pamulangan Calon Guru Surakarta
Ingkang nurun saha mewahi
Centhangan
B. K.
Penerbit : Yayasan “DJOJO BOJO” Surabaya Tahun 1975
SANGKALA : RASANING KAWULA ASALIRA GUSTI
===========================
P R A W A C A N A
(Aturipun Ingkang Nurun)
G A M B U H
1. Sinawung sekar Gambuh, bubukaning atur kang manurun, lan ngedalaken serat Bayanullah wirid, gubahanira ing dangu, kanang wus minulya ing ndon.
2. Anenggih sang misuwur, ahli fasafah miwah tasawuf, Raden Panji Natarata pujangga di, minangkani usulipun, para mitra kang wus maos.
3. Srat gancaran ingkang wus, kita wedalaken namanipun, srat Falsafah Sijijenar kang umesi, pangrembag bab bedanipun, iktikad ingkang linakon.
4. Raden Panji puniku, lan iktikadira kang manurun, ing samangke pari kedah ngleksanani, Bayanullah wedalipun, karana tancebing batos.
5. Tebih saking pangaku, ing benere kawruh pribadyeku, babasan mung angadu pucuking eri, bagya pra maos sadarum, kang widagdeng panyuraos.
6. Tinarbuka ing kalbu, pribadi tan amung tiru-tiru, anirokken jarene kang kasbut tulis, myang jarene kyai guru, sabangsaning gugon tuhon.
7. Jarwa sutaning ngelmu, angelira yen durung ketemu, kang saweneh anjarwani kosok bali, angele yen wus ketemu, kalih pisan pan sayektos.
8. Sandyan ta kadyeku, sarehning wijidda waidahu, sapa temen tinemenan ing Hyang Widi, widagda wit saking atul, titi tulaten angilo.
9. Mulat saliranipun, anadene katrimaning ngelmu, yen wus ilang was-was sumelanging ati, gugon tuhone sirna wus, tan kepeingin kang sarwo elok.
10. Anenggih kang manurun, mung ndhak sungging sawontenipun, ing sasaged tiniti taliti, cocoge lan babonipun, tan namung juga kemawon.
11. Bayanullah nguni wus, medal minangka lampiranipun, pananggalan Jawi Wedalan H. Buning, taun sewu sangang atus, langkung welasan katonton.
12. Puniku kang tinurun, cinocogken lan babon lenipun, ingkang maksih seseratan tangan asli, yen wonten sulayeng tembung, p[inilih nut ing suraos.
13. nanging wetahing tembung, ingkang datan kapilih ing kidung, apa inggih kapratelakaken ugi, mungging centhangan puniku, mrih kawuningan pra maos.
14. Wondene kang pinangguh, terang kliru ing panuratipun, karoneyan lamun tinuruna sisip, lineresken sapantuk, ingkang lepat tan kacarios.
15. Kajawi kang kadyeku, wonten malih centhangan ing ngriku, bab maksuding ukara ing sawatawis, myang tegesing tembung-tembung, darapon trang kang suraos.
16. Centhangannya puniku, mung maligi anegesi lugu, datan mawi kawoworan ing pamanggih, sulaya tanapi rujuk, ing bab wedharaning kawroh.
17. Palasthaning panurun, Soma manis tumanggaping taun, rasaning kaula asalira gusti, Eje Sangara kang windu, salam kita mring pra maos.
Nuwun.
Pupuh I
DHANDHANGGULA
1. Kawruhana tataning wong urip, mangarepa harjaning tumitah, tumuwuh ing dunya angger, gugulangen kagelung, ginelunging sarkara mamrih, mrih padhanging pamawas, tanpa was wus kukuh, kukuh kuwating tyas terang, tetelaning medem kawruh kang sajati, jati-jatining tama.
2. Utamaning manuswa puniki, kudu mbudiya marang lukita, kang madhep trang weleh-weleh, ling-lingen liding semu, semu nyata karoban saksi, saksi kang tunggal karsa, karsane ki guru, guru pugering jiwa, jiwa raganira sumarah ing kapti, kapti kerdyating Suksma.
3. Wong tamarja harjaning dumadi, sangkan paran myang antaranira, wus kinawruhan salire, sedene ingkang durung, temen musti anteping pati, wit kahananing gesang, janma sadayeku, saking ngadam (1) purwanira, liring ngadam tanpa kantha tanpa kanthi, tan gatra tan satmata.
4. Datan nembah (2) tur datan amuji, iya iku aran tawang towang, suwung wang-wung sajatine, Allah malekat durung (3), durung ana kawula Gusti, jatine jaman ora, kidam tegesipun, dhingin nora kadhinginan, witing janma manuswa sangkaning tanpa kanthi, tan gatra tan satmata.
5. Supaya wruh sangkaning ngaurip, kang saweneh guru amumulang, asale janma ginawe, nembelas wijinipun, mapat-mapat ping pat sakawit, iku sayekti dora, tan pisan tinemu, tandha saksi nora ana, ana maneh saka wadi madi mani, maningkem yen mangkana.
6. Yekti dudu ngadam kang miwiti, kale (4) para manuswa wus nyata, saka ngadam pinangkane, marma sagung nak putu, parsudinen asalireki, dadining kanyatahan, ingkang tanpa tutur, saksi kodrating Pangeran, luwih bener bresih titi tur lestari, campuring kautaman.
————————————-
(1) Tembung Arab ‘adam tegesipun ora ana, dene adam namaning tiyang (nabi Adam), mbok manawi asal saking tembung Ibrani, ateges manungsa lanang. (2) Wonten ing kaserat : datan embuh. (3) Suraosipun : ingkang yasa tembung Allah lan tembung malaekat pun manungsa punika. (4) Kale (kal – e). Indonesianipun hal – nya (bab – e).7. Mangke paraning sangkaning urip, upayanen ywa nganti sumelang, aja tumpang suh pikire, lungane wong tumuwuh, luwih ewuh tur dhemit rungsit, glethakan sinamparan, saking gampangipun, kang saweneh pra ngulama (1), rina wengi sawarga pinusthi-pusthi, iku wong kabegalan.
8. Kang saweneh para pandhita di, ahli sorot gedhene samrica, kumilat thathit warnane, mijil sing netranipun, iku ingkang pinrih ngleboni, nemu ngalam gumelar, wong mangkono tamtu, ciptane sasar katriwal, ana maneh oliya (2) cipteng tyas milih, johar kanthaning warna.
9. Kang gumebyar-gebyar angebati, linebonan den anggep sawarga, neng kono Gusti pamore, lah iku wong kaliru, wus kadhadhung ginaweng jajil, saweneh malah ana, wruh cahya umancur, dinalih sipating Allah, iya iku kumpuling kawula Gusti, tetep wong kabegalan.
10. Ana ingkang pinanjingaken maring, sipat kodrat hu huteg tegesnya, iku goroh satemene, wit maksih bisa lebur, ajur mumur awor lan siti, pinendhem pajaratan, dinalih neng ngriku, ana ngalam jagad jembar, linebonan langgeng nora owah gingsir, iku ciptaning setan.
11. Kang saweneh sarjana mumpuni, ing sasmita ngelmu kasampurnan, Allah nunggal ing jisime, angen-angen rinengkuh, cinipta Hyang kang murbeng bumi, yen kinecapken lesan, uluk salalahu, iku tunggal cipta sasar, awit maksih kasipatan owah gingsir, tur maksih keneng edan.
12. Karsa murka dayaning panggalih, galih eling iku tunggal makna, neng angen-angen enggone, marmane iku kudu, sanyatane amung ngratoni, sabarang tingkah polah, wit dayaning kalbu, nanging yen den anggep Allah, tan pakantuk dadi begalaning urip, ing kono rasakena.
13. Prayogane kawruhana becik, kadayane angen-angenira, mukhammad (3) darma sapangreh, rasul rasaning manus, kabeh saka hagyaning (4) pikir, nanging dudu Pangeran, ing sajatinipun, kang saweneh pra pukaha (5), ingaranan tanpa kantha tanpa kanthi, tan gatra tan satmata.
——————————-
(1) Ulama = para alim (para ahli ilmu). (2) Auliya = para wali (para tinarimah ing Pangeran, drajatipun sangandhaping Nabi). (3) Ingkang dipun kajengaken : badan wadag. (4) Wonten ingkang karesat : pratignyeng pikir. (5) Fukuha = para faqih (para ahli kawruh fiqhi).14. Datan kakung tan wanudya yekti, napas miwah kang ngebaki jagad, den anggep Allah kanthane, wit datan lara ngelu, tanpa owah tan darbe kursi, iku dudu Pangeran, kang kasbut pituduh, kayun bilara ukinnya, pardikane urip tanpa roh sayekti, napas talining gesang.
15. Ana maneh ingkang angukuhi, ngalam insan kamil tegesira, ingsan manuswa jatine, kamil sampurnanipun, sawantahe tembung puniki, manuswa kang sampurna, iku maksih luput, saweneh guru mumulang, roh ilapi nur mukhammad (1) den leboni, tunggaling karusakan.
16. Kang kalantur cipta lan panggalih, kadhadhung ginaweng jajal lanat (2), pinuja-puji panjinge, lan malih para guru, amumulang patraping pati, pati titis anggepnya, samrica binubut, mijil saking githokira, manjing bayi putra-putraning narpati, iku kleru ing tekad.
17. Iya panitisan jaman mangkin, para Buda arane manuksma, dadi ping pindho uripe, lan ana manjing suwung, sajtine durung nglakoni, yen wong kang wicaksana sabarang reh putus, tatas pangawikanira, urip iki sajatine aran pati, pati ingran ora.
18. Jumenenge kawula lan Gusti, Allah Mukhammad lan rasulolah, wus dumunung sira kabeh, ing bumi langit pitu, saka ananira pribadi (3), mukhammad rasulolah, sajroning idhup, wijange lah rasakena, lire rasul rasanira kang sejati, tunggal rasaning Suksma.
19. Iku salah tampa ing panganggit, lamun rasa-rasaning Pangeran, nora mangkono patrape, Pangeran rasanipun, nora awor lan sira kaki, pamriksa pangandika, myang pamyarsanipun, nora tunggal lawan sira, kuwasane karsanira Hyang kang luwih, sayekti tan momoran.
20. Lah pisahen aywa tinggal budi, iku nyata panganggepmu ring Hyang, nanging Allahira dhewe, aywa salah pangawruh, dudu Pangeraning bumi langit, lan malih wekas ingwang, manuswa kalamun, ngaku kukuh kuwat ing tyas, angen-angen dinalih wujuding Gusti, patrape takokena.
——————————
(1) Wonten ing wirid : roh ilapi punika salah satunggaling roh kita ; nur mukhammad (cahya kang pinuji) punika asaling sadaya dumadi, nanging wonten ing ngriki dipun tegesi cahyaning netra ingkang katingalipun manawi dipun petel. (2) Jajal (iblis) ingkang tampi laknat (bendu). (3) Suraosipun : upami boten wonten manungsa inggih boten wonten ingkang mastani bumi lan langit.21. Gusti iku mireng tanpa kuping, aningali datan mawi netra, tanpa prabot kuwasane, ngandika tanpa tutuk, lamun maksih nganggo piranti, tetep dudu Pangeran, jroning Qur’an nutur, kuwasanira Pangeran, marma akeh pra ngulama kliru tampi, pikir cinipta Suksma.
22. Dalil Qur’an wus amamancahi, pan mangkana ula murtasiman, fi kiyalihi tegese, tan kacakra Hyang Agung, mungging angen-angening janmi, sayekti dadi batal, pangawulanipun, wa la nufus Gusti Allah, tanpa napas marmane den anggep pasthi, napas ingaran Allah.
23. Iku aja temah kupur kapir (1), barat den anggep Hyang kang murbeng rat, temah kapiran uripe, kalamun maksih kukuh, angukuhi ingkang tinulis, prayoga sumingkira, tandha seje kawruh, kawruhing Buda katriwal, awawaton ngelmu saka Dewa Ruci, dudu wit saking Arab.
24. Mamet Buda ingarabken dadi, kawruh nasar nunjang kitab Qur’an, ginalih suwung rasane, kitab kacakra suwung, nora weruh ragane sepi, cupet cingkranging nalar, pring suwung kumsnthung, kenthung-kenthung mung wawadhah, tanpa isi den iseni napas angin, pinuji tur sinembh.
25. Mantep tetep tur den aku Gusti, Allah ingkang murba miseseng rat, poma ywa mangkono angger, wajibe Gusti iku, samak basar kadirun ngelmi, rong puluh sipatira, jinereng ginulung (2), yen tetep sarjaningrat, nora kewran tur ing batin wus kapusthi, patitis dunya kerat.
26. Wus karasa narambahi budi, budi daya sangkan paranira, kinawruhan sadurunge, lamun micara idhup, ngadhepaken sangkaning urip, urip mangreh harja, harjaning tumuwuh, wuwuhing kawruh kang nyata, kanyatahan saka tandha lawan saksi, saksi kang wus pratignya.
27. Pratignyane narambahi urip, nadyan pati sajroning gesang, wus kadhadha sakabehe, myang gampange kacakup, cakep cukup rasaning ati, gegetun saka nyata, pungun-pungun njentung, tung-tunging driya pratela, salulut sih Gustiku kalawan dasih, jumeneng tan pantara.
28. Dhasar nyata wus tau nglakoni, saking temen yekti tinemenan, ana ing kono rasane, woring tyas tanpa catur, datan jalu datan pawestri, enenging tyas kang wus trang, judheg memet nyamut, lamat-lamat tan katara, rasaning dat wajibul wujud (3) nemahi, lir kang wus kanyatahan.
—————————-
(1) Kafir punika tiyangipun, kufur (kufr) punika pahamipun. (2) Wonten ingkang nyerat : jinereng ginelung. (3) Dzat wajibul wujud = dat kang wajib anane.29. Kang saweneh para sujana di jroning supena (1) den anggep ngalam, barang apa ana kabeh, sedene buwana gung, jagad cilik sajroning ngimpi, marmane datan siwah, jroning kalbu penuh, ngendi bae njero ana, papaesan ing dunya jro badan manggih, cinipta enggon mbenjang.
30. Iku salah kalantur katarik, cipta sasar kabalsar jurang iku dudu sayektine, dene impen puniku, sajatine ingsun tuturi, kuwasane pangrasa, manjing netranipun, dayaning kuripanira, mukhammad manjing mukadim maring ngelmi (2), ngelmi ingkang gumebyar.
31. Sun jarwani malih wong ngimpi, sayektine jroning netranira, mamanik iku namane, kaca benggala agung, sinendhekken neng nggon sawiji, njaban kaca sanyata, kadulu sadarum, barang apa manjing kaca, yen jinupuk jroning kaca dantan keni, iku dayaning netra.
Pupuh II
K I N A N T H I
1. Lawan malih ana guru, mumulang mring anak murid, ana rupa catur warna, ireng abang kuning putih, mbenjing prataning sakarat, kinen milih salah siji.
2. Lamun putih wijilipun, saking netra grana pasthi, iku kang den anggep nyata, samya kinen atut wuri, tamtu manjing maring wisma, nira langgeng tanpa wilis.
3. Iku wong ngelmune kathung, darbe kawruh Mung sacuwil, wus ngaku dadi sarjana, jumeneng guru mumurid, marang para punggung mudha, ngrasa wus putus patitis.
4. Sajatine durung weruh, ngawur kawoworan eblis, lawan malih asring Ana, pra ngulama ngaku wasis, rukyatolahi yen nendra (3), wruh ing rupanya pribadi.
5. Mawa praba smu umancur, lir wulan purnama sidhi, iku inganggep Pangeran, kang murba maseseng bumi, iku wong katunan ing tyaS, luput panampaning dalil.
————————
(1) Ingkang dipun kajengaken supena salebetipun tilem utawi salebetipun sinau samadi. Mirsanan pupuh VII pada 6 lan 18. (2) Pikajengipun : maos cathetanipun piyambak ingkang sumimpen wonten ing hafidh (onderbewustzijn). (3) Ru’yatullahi = kayatahan wontenipun Pangeran : nendra ingkang dipun kajengaken ing ngriki tilem limrah utawi sinau samadi. Mirsanana centhangan bab supena ing pupuh I pada 29.6. Awit ciptane wong iku, Allah manggon jroning pikir, sipate lir rupanira, tan siwah lawan Kang muji, lah iku sangsaya nglapra, dene Allah darbe warni.
7. Lawan malih ana gurU, yen mbenjang tumekeng janji, ana rupa kang sanyata, ya rupanira pribadi, sarta nggawa panengeran, alip mutaklimun wakid (1).
8. Saweneh ana wong putus, angukuhi ngelmu jati, sahadat kang sadu tanpa (2), wetuning napas sakalir, iku den arani salat, kang Mangkono datan yukti.
9. Ngaku-aku tanpa kusur, salusuran cipta silip, nyilip keleban babasan, basa kang nora patitis, yen wicaksaneng pamawas, nora arep nora melik
10. Yen jatine sadat Iku, la ilaha illallahi, lah kapriye jarwanana, iku sadat kang sajati, yen lumrahe jaman mangkya, sadat mangkono tinampik.
11. Iya iku wong kepaung, sahadat kalimah kalih, Tinampik sinampar-sampar, nora pisan den kawruhi, saking angele jarwanya, cocoge kalawan saksi.
12. Santri ingkang mendem kulhu (3), rina wengi muji dhikir, la ilaha illa allah, cinipta sajroning ati, ngonggrong-onggrong pupujiyan, mrih kinasihan Hyang Widi.
13. Widi adining tumuwuh, tan muwuhi mring wong muji, anyuda mring kang siya, lah rasakna kang patitis, ywa lir santri Panaraga (4), napi Isbat (4) kang pinusthi.
—————————
(1) Punika istilah wirid, pikajengipun aksara alief (!) dumunung woten ing bathuk. (2) Pikajengipun syahadat ingkang mboten mawi ngucapken ungel – ungelan “asyhadu”…………… saterusipun. (3) Serat Ikhlash : qul huwa lahu ahad, kawancah : kulhu. (4) Panaraga punika rumiyin misuwur pasantrenipun.14. Yen napi Allah liniru, wujudnya santri pribadi, lamun isbat wujudira, ing njero ika Hyang Widi, iku lakuning dubilah (1), laknat kawoworan peri.
15. Lawan malih ana guru, amangeran marang pasti, suwung wang-wung nora nana, tur durung putus ing westhi, iku wong pitung bedahab, kupuR kapir ngriribedi.
16. Lelethek duskarteng idhup, tan paten dipun luluri, marma sagung pra sujana, yen muruita met ngellmi, layang iki takokena, jarwane apa nimbangi.
17. Salah siji pasthi cundhuk, lamun maksih padha iki, lah age sira mundura, mung aja nyerikken ati, marma jaman sapunika, pira-pira guru ngelmi.
18. Lagi wruh mukhammad rasul, Allah angen-angen dadi guru wus sinembah-sembah, apese den aji-aji, kekethokan gulu ayam sega waduk ,ori muslim (2).
19. Sejatine durung weruh, ing ngelmu gaib-gaib, mung elu-elu kewala, jroning ati durung uning, bocah cilik bae ana, bisa dadi guru jati.
20. Anggere tan den du telu, tinilikan dina mbenjing, yen trima amung carita, nalar ngawur tanpa saksi, ingsun saguh ajajarwa, tanpa lawon wareg putik.
21. Nanging yen tinanya ingsun, kapriye rasaning pati, yen aweh semaya mbenjang, lah poma goleka kaki, guru kang bisa sung pejah, tinupiksa jroning urip.
—————————-
Wulanganipun boten namung babagan sarengat kemawon, ugi tarekat, kakekat, makripat. Nafi isbat punika namaning dzikir : la ilaha (ora ana sesembahan) = nafi (ora nganakake); illallah (kejaba mung Allah) isbat (netepake). (1) Donga tangawud audzu billahi minasysyai thannirajim, dipun wancah : dubillah setan, lajeng dipun wancah malih : dubilah. (2) Namaning mori (lawon) ingkang sae kala jaman samanten, dados sanes muslimin ingkang ateges wong Islam.22. Nanging mangkya para guru, arang ingkang nganggo saksi tansah crita ngayawara, warahe angupa pamrih, nora weruh sajatinya, trapsila laraping pati.
23. Aja sira dadi guru, laraping ngelmu sajati, tegese guru punika , paugeraning ngaurip, pangarep-areping pejah, kang jajah kawruh kang ngenting.
24. Tinakonan anak utu, bisa mangsuli patitis, kang kalawan kanyatahan, nyataning reh basa pati, lamun wong sarjaneng jagad, nora kewran amangsuli.
25. Lan malih sun wus kapranggul, para santri ahli ngelmi, barang-barang wujud Allah, bumi langit dadi Gusti,lah iku kumprung ing tekad, gandarwo momoran janmi.
26. Satengah ana wong putus, ratu den anggep Hyang widi, Gusti Allah nora ana, wujudnya Sri Narapati, yaiku wong salah ucap, nggasruh kawoworan peri.
27. Yeka wong ceguk truwilun, lonyo ucapingpisaci (1), supaya dipadonana, kaya paduning pulisi, kacara traping prakara, wus pasthi nora pinanggih.
28. Kang saweneh ana jamhur (2), tutur mubeng marang murid, lamun tinakonan patrap – ing pati datan patitis, ngawur ngawag ruwag-ruwag, saksine lamun kanthaning pati.
29. Embuh-embuh yen binuru, embuh yen wus prapteng ngakir, bisa mulih marang ora, tur amengku ngalam sahir (3), dudu swarga lan naraka, ngaku wruh wus mati.
30. Saweneh ana wong putus, lapaling kitab binudi, Tapsir awal akir wignya, Ngakaid Naula Tasrib, kitab Bajuri Jurmiyah, yayah putus liring dalil.
————————-
(1) Pisaca (pisaci = brekasaan. (2) Arab Jamhuur = tiyang kathah (kamus Arab), ing basa Jawi dipun tegesi wong wicaksana, kakinten mirit saking nama ingkang kasebut ing Tajusalatin (Bausastra Jawi). (3) Alam shaghir = jagad alit (badan kita).
Pupuh III
ASMARANDANA
1. Wonten sarjananing kyai, guru putus nalarnya trang, anggepe kaya Gupremen, mumpuni susilarjengrat, rat jagd tanpa sama, ngelmune winoran palsu, mulang ana muridira.
2. Napsu patang prakara wit, linungguhaken sarira, ing pancadriya rasane, malah mujudake rupa, ireng bang kuning seta, kanthi dunya ngakiripun, winorken ing malaekat.
3. Iku kang bisa nulungi, nuntun maningaken ring johar, aneng wudel panggonane (1), terkadhang pancer ing netra, iku kang linebonan, ginalih swarga gung, iku guru siya-siya.
4. Cupet nalare sacuwil, kumprung pengung guru desa, pantese njagong neng amben, ngedhangkrang madhep mangetan, sinebeng putra wayah, grudag-grudug saben dalu, anggepe kaya pandhita.
5. Sengguhe kaya pulisi, gehdag-gedhig pandirangan, kuma wasis wicarane, cara-carane cinakra, padesan tanpa krama, ngelmu den nggo agu-agul, nggulung kang tanpa tandha.
6. Kang den gantungi, paukuman siksa paksa, awit pra guru bujuke, mring wong tani ndesa-ndesa, kang tan wruh ing duduga – prayogane mung sadumuk, cingkrang nalare katunan.
7. Pinacuhan den gantungi, paukuman siksa paksa, awit pra guru bujuke, mring wong tani ndesa-ndesa, kang tan wruk ing duduga – prayogane mung sadumuk, cingkrang nalare katunan.
8. Truwilun kapara sugih, ki guru sukaning driya, muruk tani pamijange, donga japa mntra Buda, ambege lir sujana, kang weruh marang pakewuh, sejatine punggung mudha.
9. Wong sasar kagawang jalil, belis kang sipat manuswa, katara ing pamijange, sumengguh sumaguh terang, limpad ing kasusastran, sastra rajah Ngarap ndhusun, dinum dadi kaslametan.
—————————-
(1) Wonten ing wirid kasebut lintang johar.10. Lah iku tekading kuthip (1), kewan kang tanpa Pangeran, sajatine ran wong nglamong, mamaganing dora cara, duduga cakra bawa, bawane lalantih ndhusun, marma sagung pra satriya.
11. Lamun ngguguru sujanmi, ngupayaha kang wus pana, pana pramanem tandhane, kaweca aneng wicara, pangracuting sasmita, Jawa Ngarap kang wus kaglung, dugga prayoga wiweka.
12. Lamun tyasira mangerti, niteni janma danurja, pasthi wruh ing sanyatane, aja sira anggugulang, yen durung wruh ing tama, tama-tamaning pituduh, duhkita tancebing nala.
13. Angel wong nedya mumurid, ngupaya pathining rasa, rasaning Hyang kawulane, bedane Allah manuswa, kumpul pisahing rupa, rupa keh kang mowor sambu, iku jaman sapunika.
14. Pintere amung sacuwil, lagi Allah lan mukhammad, rasul kang aneng jisime, pangrasane wus sampeka, nirdeya cipta rasa, rasaning Hyang kang maha gung, pangakune pudyotama.
15. Ambeg pangolah yodanting, kawruhnya kanthi den prada, pangalembana luhure, linarangan winaleran, mrih kawentar kawara, yaiku lakuning wedhus, mbludhus tan wruh ing sarira.
16. Ana maneh pasa wegig, kukuh kyat mamresing tekad, ngukuhi lapal unine, waman ngarafa nafsaha, fakod ngarafa laha, lah iku pengertinipun, sing sapa wruh ing sarira.
17. Temen-temen wruh Hyang Widi, dadi badane rumangsa, ngaku Allah sajatine, yen binuru atrangginas, angen-angen pinuja, dhinaku dadya Hyang Agung, wus prasasat Palgunada (2).
18. Yaiku patraping kucing, mindhik-mindhik angon ulat, anggoleki wong kang bodho, sinajarwa pinapajar, ujare ngelmu sasar, sarwa saru sasar susur, slusuran lir rajakaya.
19. Cacad wong tumitah urip, kurang mamresing tyas nyata, ngelmu pangolah yodane, panranging karti sampeka, susila pari krama, mumpuni mahambeg sadu, danurjaning kawruh mulya.
———————
(1) Kuthip = nistha. (2) Bok manawi namaning guru kala samanten, ingkang kapidana ing nagari kados Gus Djedig kasebut ing serat Wiraiswara.20. Mulya sangkaning pangerti, wus gumelar ing kahanan, pancering urip jatine, prasasat samodrasmara, barang apa tumeka, umanjing dayaning kalbu, iku traping para wikan.
21. Wong nembah marang Hyang Widi, nora sipat nora kantha, nora warna enggon, nora suwung nora mamang, dudu pikir myang napas, dudu eroh duduwujud, nora suwung pasthi ana.
22. Anane saka ing abdi, dudu rasane manuswa, lah kapriye ing patrape, wong nembah Hyang Sukma, sedene malaekat, nora beda wujudipun, angele yen wus pratela.
23. Gampange yen durung uning, ening pamawas tanpa was, wus waspada wasesane, heh saisining rat raya, sagung para sarjana, ywa gumampang dadi guru, yen durung wruh sandining Hyang.
24. Sandining Hyang nuksmeng wadi, kanyatahaning sasmita, memet nyamut kamot, winot kahir kabir (1) sirna, kabir sahirnya musna, kasok bali liru sambut, iku traping pangawikan (2).
25. Manuswa ingkang sayekti, dadi ling-alinge jagad, lah iku kang wus prasajeng, saksi manakseni kang dat, dating manuswa nyata, sampurna ananing makluk, sangkan paraning pratignya.
26. Kacakup jumbuh kapusthi, traping pati nora samar, wit saking kanyatahane, tata sumelang gaibing tyas, rumenggep ing pamudya, mudyastutining pakewuh, nora weruh tur waskitha.
27. Lamun wus terang pambudi, nora kewran kekupulan, lawan para gede-gede, wus mangkono tyas tetela, trang budi kanugrahan, ing ngelmu kang alus lurus, Suksma tan kacakra bawa.
28. Bawaning tyas wus maletik, sasat mabur tanpa elar, wit wicaksana driyane, nur kalbi (3) kang amarambah, pancadriya sabadan, panjing wetune tan keguh, susilarja manrang cipta.
————————-
(1) Sahir (shaghir), mirsanana Pupuh I pada 29; kabir ing ngriki pikajenipun alam kabir = jagad ageng (gumelaring dunya punika). (2) Suraosipun : tiyang ingkang ngertos dhateng badanipun piyambak, inggih boten kewran dhateng gumelaring dunya punika. (3) Nurul qalbi = papadhanging manah.29. Yen ngguguru sira benijing, sawise sira winejang, wijang-wijange kabeh, kang kadhadha ing tyas padhang, Allah mukhammad rasa, myang badan sakaliripun, tumuli sira takona.
30. Kapriye kanthaning pati, paran karaneng (1) agesang, urip kapriye patrape, lah thole ginawe apa, wong urip aneng dunya, pati ing ngakerat mbesuk, akerat ginane apa.
31. Priye parlune kang pasthi, lawan malih tatakona, mring gurumu kang wus waleh, asung ngelmu marang sira, apa sababe baya, wuwulang kang wus kacakup, yen nendra sirna sadaya.
32. Iku dayaning punapi, apa mudhun apa munggah, yen mudhun priye kanthane, yen munggah priye trapira, kang munggah kang tumedhak, den arani apa iku, dene dahat saka mokal.
33. Nora susah sira kaki, takon jumenenge Allah, mung weruha kuwasane, kang kagadhuh marang sira, gedhene tanpa sama, lembut tan kena junumput, saking rungsiting sasmita.
34. Lan malih yen sira ngimpi, wruh ing barang kaelokan, ing jro badan ana kabeh, iku mratandhani apa, den asmani reh paran, dayaning punapa iku, kabeh padha takokena.
—————————–
(1) Wonten ingkang kaserat : kalaning gesang.
Pupuh IV
S I N O M
1. Lan malih pitutur ingwang, lamun sira dadi murid, kang bisa pratameng weka, wiwekaning kawruh gaib, patakon kantho titi, surti ngati-ati tyasmu, tumancebing papadhang, ingkang nandhani tyas wening, nging tan wenang kalamun durung kakenan.
2. Kenanya saking pracaya, pinarcayeng dening saksi, saksi ingkang tunggal karsa, bangkit nyanyampahi silip, nora kilap kalempit, kanang karsane ki guru, guru kang nunggal misah, tunggalnya kang seje jinis, niskareng rat dhalang sajati weruha.
3. Iku pikir kang tan samar, waskitha kecaping wadi, nanging weruhnya ki dhalang, wit akil baleging pikir, kira-kiranya ngenting, pinter sangkaning sinau, marma dudu Pangeran, ywa den anggep jeneng Gusti, sajatine kang winastan johal awal.
4. Marma sagung pra sarjana, kang mantep tetep nastiti, titising reh pejah gesang, kasangsang madyaning bumi, rat jagad kagulung ngling, tumuruning manuswa sadu, lan malih sun wawarta, yen ana guru kang luwih, sung wasita jisime ginawa lunga.
5. Lunga ngalih ing ngalam rat, rat jagd kawengku siji, manjing jiwane sadaya, pangrasa sampurneng pati, lah iku tutur kidib, goroh growoh wong kebawur, ngawur kuwur tyas samar, durung wruh laraping pati, kang patitis tan mangkono anggepira.
6. Kalamun guru sanyata, manranging cipta nastiti, netepi daliling Qur’an, mutu bi lamuta pasthi, lapal wus den werdeni, mati sajeroning idhup, urip sajeroning pejah, rasakna prakara iki, patraping reh pepadhang kalingan padhang.
7. Yen wong danurja waskitha, aweh sandhang wong kang sugih, aweh payung wong payungan, anggendhong wong nunggang joli, sun teken dalan wradin, wong melek tinuntun-tuntun, sinung dalan kang padhang, wong minggir tinarik minggir, lah kepriye tutur iki rasakena (1).
8. Nadyan sudra dama papa, janma kang wruh ing wadi, wadi-wadining widyastha, sayekti janma sajati, ywa sumelang ing pangesthi, anggepen lantaran kawruh, muwuhi antepira, tepa-tepaning tyas sami, amijeni jumenenging gurunira.
9. Sasat sudaranta tunggal, tunggil wor budi sawiji, wajib iku kinurmatan, jinunjung ing sawatawis, nanging yen durung sami, ywa lonyo sabarang wuwus, temahan kabegalan, kalong linongan ing kuping, iya iku tinemu dadi kagunan.
10. Sapira yen wong sarjana, kawruh kang wus den tampani, nora mungkir asalira, seje wong kang tuneng budi, pinter sangkaning ngaji, den aku nora ngguguru, umuk saking supena, paparinge Sunan Kali, iya iku cipta kawoworan wisa.
11. Ambege waskitheng lembat, saking kawruh tanpa kardi, sinihan ing Hyang kang murba, supaya wong sami uning, oneng temahan asih, sih lulut dumadi pulut, muluti wong katriwal, sasar tyasnya sami wedi, pamrihing tyas wetuning arta baksana.
—————————–
(1) Bok manawi pikajengipun : guru ingkang waskitha punika anggenipun ngeblakaken wedharanipun namung dhateng siswa ingkang sampun tinarbuka manahipun.12. Para kinarya kasugihan, ngelmune ginawe pokil, ngikal-ikal ngeka dasa, yayah dursileng pambudi, batine durung uning, yaiku rupaning punggung, kagunggung wong caksana, sejatine sepa sepi, sasat sapi tan wruh ingkang murweng sipat.
13. Purwa wiwitaning ngagesang , nora pisan den kawruhi, tansah mung dina akerat, pinundhi pinusthi-pusthi, pasti bakal nemahi, sebarang pituduhipun, ngakerat bakal mulya, wit saking wus den kawruhi, aneng dunya tinebus (1) sabar darana.
14. Nanging kang tys smupramana, makna mung kecaping lathi, katara ing solah bawa, bawaning pangucap wening, para ngulama kang wis, tanah Jawa ngalor ngidul, ngetan ngulon wus padha, kang kasub kalokeng bumi, ngetan Toyawangi ngulon tanah Serang.
15. Warata sun muruita, akeh kang kaliru tampi, kitab Qur’an tan pratela, ngulama kang bisa ngaji, ngawag kawoworan kucing, kang den anggo ngelmu kuwuk, nggandhuli kawruh Buda, den lih tembung Arabi, iya iku patrape wig (2) tanah Jawa.
16. Warna-warna piwulangnya, lir caritaningsun kang wis, saweneh ana kang sorah, saking primbon Semail (3), pangakune sing nginggil, tiban saking Hyang Maha Gung, terkadhang malih ana, wite dadi guru jati, ngimpi munggah mring langit biru sap sapta.
17. Ambedhah mumbul ing wiyat, neng dhuwur nampani wangsit, wusnya trang nuli mimijing, wijange ngelmu gaib, supaya antuk pokil, iku traping tikus clurut, tan pisan magepokan, patraping kawruh kang ykti, suprandene kanan kering keh wong prapta.
18. Dadya pakumpulaning wran, tani-tani den jarwani, kang tan wruh duga prayoga, iku ingkang den senengi, guru mangkono kaki, memper mawa ing wana gung, sipate kaya janma, nanging tan wruh kang patitis, aja sira pracaya ngelmu mangkana.
—————————
(1) Bok manawi proyogi : tinebas sabar darana. (2) Wig (awig) = saged. Ing ngriki pikajengipun : tyas saged. (3) Semail = jimat, bok manawi saking : Ismail nama tiyang utawa Nabi Ismail.
Pupuh V
M E G A T R U H
1. Kang saweneh ana mukmin (1) sung pituduh, ing ngelmu sampurneng pati, kang patitis paranipun, ninging pralaya umanjing sadat sekarating maot.
2. Miwah puji tatkalanyarsa rinacut, neng lawang sawiji-wiji, ana dhewe pujinipun, lah iku mukmin niwasi tan yoga dipun pitados.
3. Iya iku wong pracaya marang wuwus, wuwus ingkang dakik-dakik, rehning sinalinan tembung, wong Jawa kang durung uning, basa Ngarab dadi elok.
4. Melok melik emeling cangkem sinengguh, nyataning kawruh kang luwih, saking cupeting panggayuh, yayah kabentur ing wangsit, wasita kawruh kang ngamong.
5. Omong-omong tutur kang wus kalantur, tur tuturunan jaman wis, wiwisikaning pra guru, alam Buda tanpa saksi, temah ngalingi lalakon.
6. Kaelokaning ngagesang kang kalantur, ana maneh ngulama di, ambaboni muruk kawruh, mruhken trap pati patitis, soroging wayangan tinon.
7. Mahyeng wujud putih mawenes tur mulus, sarupa ingkang ndarbrni, gumawang cahya ngunguwung, neng ngawang-awang kaeksi, ginulung parek wignyanjog.
8. Jajar linggih iku den anggep panutan, mring kamuksan kang patitis, titising tyas linalarut, kinarya gandhulan pati, manjingken swarga kinaot.
9. Iya iku guru kang maguru luput, padha bae salah tampi, suprandene wong kang kumprung, mathem tyas tinohan pati, tetep sumaguh pitados.
10. Nora weruh dayaning netra ndulu, nyipta apa bae keksi, rurupan kang gumun-gumun, kageleng nirmayeng batin, neng kono sayekti katon.
11. Nadyan Mekah Madinah cinipta wujud, pasthi neng kono kaeksi, saking dayaning pandulu, ripta ciptaning panganggit, anggiting guru sajatos.
12. Dupi weruh guru sajati sru gumun, resep seneng eneng ening, angen-angene anggugu, pracaya kang den tingali, kukuh kuwat wit tyas kamot.
————————–
(1) Mu’min = tiyang ingkang nandhang iman.13. Iya iku tandha wong ciptaning kathung, rurupan ingkang kaesthi, yen guru kang ambek sadu, moncol cipta wig maletik, cakep cukup amaido.
14. Nora keguh sarambut pinara sewu, dudu yen maksih kaeksi, dudu lamun maksih suwung, dene kang katon mawarni, dayane pangrasaning wong.
15. Cipta ripta saking netra dayanipun, tep-tinetepan kang uning, durung ning jenenging guru, guru pugeraning jisim, durung jajah durung tanggo.
16. Marmanira dayaning sorot puniku, kadarbe wong kang miranti, yen wong wuta nora weruh, lah iku pikiren kaki, ywa pracaya wujud katon.
17. Ywa pracaya marang wujud ingkang suwung, lamun sira durung uning, nglakoni weruh ing suwung, myang nglakoni wrung ing isi, isen-isening tyas tanggon.
18. Enggon durung enggon uwis wus kacakup, balik panggonan saiki, golekana kang katemu, muwuhi patraping pati, urip ngarep-arep maot.
19. Yen sujana nirdeya manrang pakewuh, guruning pati wong mati, guruning urip wong idhup, adheping kahanan jati, anane mengku sapakon.
20. Seje lawan janma rucah ngronce kalbu, pinter nggulung gulung gilig, sipat rong puluh ginelung, bisa ndadekaken siji, iku pintering gandarwo.
21. Kang sampeka anjereng sipat rong puluh, lakune sawiji-wiji, kosok baline kadulu, kacakup cakep nyukupi, praboting urip wus melok.
22. De wong cubluk patraping ngelmu kalimput, sidhakep suku tunggal ning, babahan nawa ditutp, pancadriyane pinatin, tikswaning grana den ilo.
23. Itu justak tidak sekali bertemu, wong Buda ngelmuning ringgit, ngelmu Buda kang wus bawuk, dudu agamaning Nabi, salalahu hurip manggon.
24. Yen nJeng Nabi Mukhammad mustapalahu, manurat Qur’an njarwani, manuswa sipat rong puluh, ginelar ngupaya pamrih, mrih sampurna waspaos.
25. Yen tinutup mbatalken islaming manus, ngowahken napas tan kenging, pamyarsa pandulunipun, karsa pangandika sami, kinen mamrih trang mancorong.
26. Pira-pira kitab-kita Qur’an nutur, mring wong kang tuna ing budi, yen tan mulyayu (1) tan weruh, kalingan sasaring pikir, kira-kirane wong jomblo.
27. Jomblo suwung malompong lir pendah cumplung, rinubung ing laler wilis, jer pangananing kuwangwung, kukuwunge tan pinikir, kira-kirane kajlomprong.
28. Netranya ndik mantheleng soceng pring petung, peteng patine metengi, ing urip kang nora weruh, nora ngrungu wosing pati, uripe bae tan enjoh.
29. Aja maneh pati durung tau weruh, prandene ngaruh-aruhi, wong bodho nora wruh ngelmu, pangrasane sasar sisip, kang akeh janma momoyok.
30. Ing Ngayogya Surakarta myang Madiyun, sapangetan atas sami, kawruhing ngelmu meh jumbuh, para jamhur sring nanampik, ananacad wong kang bodho.
31. Keh padudon babantahan udur ngelmu, supaya wong kang prihatin, nuli enggala maguru, dheweke nampani pokil, sega wuduk ayam babon.
32. Ana maneh sarjana mbeg putus ngelmu, mulang wuruk marang murid, lungguhing sagara gunung, Mekah madinah neng jisim, ati pitu jantunging wong.
33. Lamun mulang tarekat dalaning kawruh, kalimah tayibah pinusthi, la ilaha ilolahu, den ubetken dhdhaneki, lebu wetune kabatos.
34. Puji napas tan kena pegat saidhup, wetune muni Allahi, lebuning napas muni HU, iku ingkang den kencengi (2), dadi sampurnaning maot.
35. Ana maneh kawruh Buda maksih klaku, sastrajendra yuning bumi, dadi pangruwating diyu, jare manuswa wruh pasthi, patine sirna krahayon.
36. Sastrajendra yuningrat sastra ha suku, hu huteg panjinging gaib, suprandene keh wong nungsung, yen wus winejang pinundhi, sasat wong nembah Tepekong.
37. Lah prayoga kucirana (3) bae bagus, klonthongan adol sembagi, teh tangkuweh gula batu, ing mangsa cembeng mumuji, mring klentheng nggone ngelmu wos.
38. Ana maneh guru muwus tiru-tiru, warangka manjing ing keris, keris manjing wrangkanipun, nanging tan bisa nakseni, iku temahane goroh.
39. Barang wuwus barang ngelmu barang laku, yen wong putus nganggo saksi, nyatane ingkang kawuwus, wirang den erang-erangi, dennya ndanani maring wong.
————————–
(1) Wonten ingkang kaserat : yen tan mudyayu. (2) Wonten ingkang kaserat : den senengi.. (3) Ingkang nembah Toapekong punika bangsa Tionghwa. Kala jaman samanten jaleripun sami ngangge tauwcang (=kucir).
Pupuh VI
ASMARANDANA
1. Heh sagung kang samya myarsi, surasaning srta punika, putra wayah ingsun dhewe, aywa nganti kawadaka, binabar ing wong liya, reh iki dadalan kawruh, lothung kinarya ngupaya.
2. Ing ngelmu ginawa mati, kang patitis tanpa samar, aywa angantepi kiye, lan malih sira welasa, mring mukmin Sala Yoja, ngelmune akeh kasebut, aneng kene wijangira.
3. Lamun kongsi krungu kaki, sayekti dumadi kemba, trakadhang sengit mring kowe, saking cingkranging kawruhnya, wirang lamun takono, arsa madoni tan nggayuh, wit wus entek kawruhira.
4. Wataking mukmin samangkin, lamun kasor ing wicara, ing guna myang kasatene, dadi minggu tan micara, sumambung nora bisa, nedya urun luwih ewuh, reh nggepok laranganira.
5. Tandha malare sacuwil, weruhe kalingan netra , muwus kalingan cangkeme, mireng kalingan ing karna, mambu kalingan grana, kelantur tyase wus kasub, rejaseng kawruh kang samar.
6. Samare kalingan budi, budi tuna liwat salah, ngukuhi benere dhewe, pangrasane tanpa sama, yen tinakon muridnya, ngelmu ingkang ewuh-ewuh, cinakra nor pracaya.
7. Semu sengol amangsuli. Yaiku wong mukmin mamak, muk-mukan peteng tyas epeh, lawan malih asring ana, mukmin darbe papacak, marang putra wayahipun, tan pareng ngguguru liya.
8. Wus terang tan ana ngelmi, kang ngungkuli kawruhira, wong liya-liyane goroh, kadhang winastas kelangkah, mukmin ingkang mangkana, angrasuk budining munyuk, samar lamun kaungkulan.
9. Kuwatir yen tan pinundhi, tandha yen ngelmune tuna, dene mukmin kang caksaneng, kawruh danurja mulyarja, tan sumelang kasoran, lamun nyata ngelmu putus, lir lisah kalawan toya.
10. Kawruh iku pami rukmi, pimendhema ing pawuhan, masthi tetela mancorong, yeku atine sujanma, kang putus sandining Hyang, sabarang nora kalimput, padhang ngungkuli baskara.
11. Clorot gebyaring Panganggit, kadya banguning kartika, tumibeng kisma pamine, wruhe sinasaban wuta, labeting kasucian, pintere kalingan punggung, tan katara sarjaneng rat.
12. Rat jagad kawengku siji, panjereng sasmitaning rat, ngebeki bumi langite, penggulunge ta katara, wruhing Gusti kawula, wruh rusaking barang wujud, weruh dadining kahanan.
13. Wruh jumenenging Hyang Luwih, weruh dadine kawula, pisah-pisahnya tunggal wor, kabengkas nirdeyanira, wus tan kacakra bawa, nggugulang ginulung-gulung, gelanganing tyas sampeka.
14. Kang saweneh mutangalim (1), sorah marang muridira, nora aweh atatakon, kinen ngkuhi kitabnya, puji dhikiring puja, asembahyang limang waktu, kewala ing cinipta.
15. Rina wengi puji dhikir, sahadat salat lan jakat, puwasa kaji tandane, yeku pikukuhing Islam, sayekti antuk ganjaran, nora aweh angguguru, takon marang wong sarjana.
16. Tansah ngukuhi pamuji, puji kang katur Hyang Suksma, sadat salat sadinane, bakal tanggung karusakan, ing dunya trus ngakerat, yeku wong kepaung wuwu, dadi nora waspada (2).
———————–
(1) Muta’alim = ingkang putus ing ilmu. (2) Wonten ingkang kaserat : nora pasaja.17. Sadarpa ewuh wong muji, pujine katur mring sapa, priye dennya ngaturake, lamun wong kang wicaksana, tan mangran basa swara, swaraning Allah puniku, sayekti nora pracaya.
18. Sandining Hyang nuksmeng wadi, lamun durung kanyatahan, tandhaning asma kapriye, saestu banget tang nggega, yen durung tetela trang, trange kang sinembah iku, binatalaken kewala.
19. Ana maneh santri nisthip, wawarah mring muridira, sadat salat datan aweh, reh wus salat sadurungnya, wus pasa sadurungnya, yaiku santri kepaung, salah ucape kiyanat.
20. Iku wong ngukuhi pikir, psiking angen-angennya, awit ndhisiki tandhane, kang sembahyang iku Allah, kang akon iku Allah, janma kang mangkono gemblung, muyab atine ketriwal.
21. Heh ta sagung para murid, wekas ingsun poma-poma, ywa sira ngucap mangkono, iku setan sipat janma, mamak tan wruh ing tata, nadyan sira nora sujud, tan puwasa ywa mangkana.
22. Wong ngrusak sarengat Nabi, anglebur tataning praja, kang wus kanggo salawase, ywa darbe tekad mangkana, ing lesan lan wardaya, wong nalare mung sadumuk, iku angger den waspada.
23. Lan malih sun sring udani, ujaring wong jaman kuna, maksih den anggit saprene, kayata wong kang pracaya, ing barang kaelokan, pracaya ing kayu watu, patilasan jaman kuna.
24. Akeh bae wong samya ngling, kayata nJeng Nabi Duta, Mukhammad ingkang kinaot, mangkya maksih neng sawarga, ngenteni kawulanya, yeku ujar wong kepaung, sasat baung ing wanarga.
25. Ana maneh jaman iki, Kangjeng Sunan Kalijaga, maksih mriyanghyang uripe, akeh kang ngaku kepanggya, gadhung sreban jubahnya, kang saweneh ngegem wulung, jaman makam tan pratela.
26. Terkadang ana wong mukmin, ujar pinusthi pratignya, luwih kenceng panggepe, Ratu Kidul maksih ana, jin pri-prayangan setan, gandarwa sateribipun, iku ujare wong samar.
27. Yen wong waskitha ing westhi, nora samar kaelokan, masthekken dening kawruhe, yen dinulu nora ana, jin pri-prayangan setan, gunung-gunung guwa samun, tan ana sawiji apa.
28. Wong ajli rasa sajati, tan nyakra bawa kang sunya, wit pancadriya jinereng, wruh ing ganal-ganal lembat, cakraning tyas klantipan, ing mangke ratuning tamtu, jin setan peri tan ana.
29. Mung kandheg babasan kidib, goroh tyase wong kasasar (1), kalantur kuna-kunane, kongsi prapteng jaman mangkya, maksih akeh wong Buda, sipating manuswa cukup, ananging sasat gupala.
30. Candhi Sewu ngapit margi, mung badane darbe krekat, yen mangkono tunggak growong, ing jero isi canthuka, tan pisan nyipta padhang, peteng tyase nyamut limut, dudu patraping manuswa.
31. Dene kang panggalih wening, jin setan sipat manuswa, kuna praptane samangke, kang mitenah mring sesama, tan liya padha bangsa, sengit tresna wit ing laku, ing kono lah rasakena.
32. Yen maksih pracayeng kidib, barang cukul ingkang mokal, den anggep lir weruh dhewe, iku wong atine sasar, kalantur-lantur katriwal, mumuk petengnya tinutup, pancadriyanya priyangga.
33. Sejatine pikir sisip, angen-angen kang mblasar, kleru tampa panampane, wus mangkono yen wong Buda (2), sanajan den jujuwa, ing ngelmu kang memet nyamut, yekti anasar kewala.
34. Lamun wong tuna ing budi, malah nyimpang saking padhang, mring pepeteng pangancame, nggugu crita ngayawara, kang den anggep sanyata, nanging nyatane nora wruh, iku wong pikire tuna.
35. Yen mangkono tanpa kardi, ngelmu Ngarab prapteng Jawa, kitab Qur’an sasmine, winedhar ing wali sanga, dalil asung pratela, jarwa-jarwa mrih nuntun, mring manuswa punggung mudha.
36. nanging keh kaliru, uning tekade kudu manuswa, klaut ing jaman samangke, kapulet mulet ing jajal, jin setan nora uwal, iyeku atining manus, kang durung pratameng sastra.
37. Akeh wong kang bisa nulis, ngaji sastra Jawa Ngarab, arang kang bisa cumanthel, awit katarik ing tekad, mring bangsa kaelokan, lah iku margane kliru, saka kawruhe priyangga.
————————
(1) wonten ingkang kaserat : wong kang samar. (2) Sadaya ingkang mungel “Buda” wonten ing serat ngriki punika boten ateges Buddhist utawi Buddhisme, pikajengipun : animist utawi animisme.
Pupuh VII
M I J I L
1. Ingsun uwis mlaya njajah bumi, ngalor ngidul ngulon, ngetan tepung tanah Jawa kiye, muruita para wegig-wegig, lir critengsun kang wis, para guru-guru.
2. Amimijang lir patraping jajil, kukutug kang elok, asasaji barang rupa sajen, pambengate ngelmu tanpa saksi, sinaksen ing ati, ati kang kalantur.
3. Lamun guru tanah Panaragi, kang pinutheng batos, manembah mring Hyang Suksma patrape, den tangisi rina lawan wengi, mring sawarga adi, akiring tumuwuh.
4. Amuwuhi reribeting pikir, kang tansah sumedhot rina wengi kleru pangancame, mamangani sir ingkang nalisir, nora ana den sir, sucipta kang jumbuh.
5. Neng Pacitan sun wus amumurid, winejang trap layon, ngelmu nakisbandiyah arane, pamawase saka puji dhikir, pinanjingken maring, sajroning sastra hu.
6. Ingkang kongsi wuru cipteng batin, batine mancorong, swarga nraka yekti katon kabeh, nadyan para luluhur ingkang wis, katon lir wong ngimpin, ngakerat neng ngriku.
7. Marma wong kang panganggitnya tipis, yen mentas wruh njontong, njetung ngungun ing kanyatahane, akeh padha udarasa luh mijil, siksaning Hyang Widi, kang katon neng ngriku.
8. Dadya kenceng pamuseng pambudi, ngadekken lalakon, setya wardaya smu panganggite, patrap ingkang mangkoneku kaki, lanating Hyang Widi, dalil nora nutur.
9. Kasasaring cipta ripteng pikir, pikire wong jomblo, duga prayogane mung sepele , dadi mathem mantepe ing ati, tan wruh ati tipis (1), pracayeng pangridhu.
10. Ridhuning wong tumitah neng bumi, ingkang elok-elok, mokal-mokal dayaning cipta ne, cipta culika ngeculken wadi, dadi wit piningit, sinengguh neng ngriku.
11. Barang apa ingkang elok prapti, gya pinusthi katon, lah ing kono pikiren dayane, yen wus weruh pikiren kang bersih, tintingen kang enting, wong sinau putus.
—————————–
(1) Tan wruh (deweke) ati tipis, wonten ingkang kaserat : tan wruh (marang) ati titis.12. Tumulyengsun angguguru malih, ngelmu kang sajatos, Bendhadhapit ing padhukuhane, tanah Blitar wus kasusreng warti, titining pangeksi, niskaraning ngelmu.
13. Malem Jumungah winejang ngenting, winruhken trap goroh, Allah Mukhammad neng netro karo, rasulolah rasa kang sajati, jitine umanjing, jroning netra nemu.
14. Ngalam jembar kababaring wiji, cukul langgeng awor, Allah Mukhammad langgeng wujude, aneng kono langgeng tan pantawis, sinasaban puji, salat karya sintru.
15. Nuli ngalih angguguru malih, ngelmu traping maot, aneng nagri Kadhiri winaleh, ing sasmita kang bakal pinanggih, dunya prapteng ngakir, gya kinen andulu.
16. Wayanganing janma kang kaeksi, putoih amancorong, nora siwah ing salagehane, lir kang darbe wayangan tan slisir, sanyata kaeksi, den anggep Hyang Agung.
17. Yen wus weruh kang mangkono pasthi, sirnanya njog, ring kamuksan langgeng salamine, wusnya trang sun luru guru malih, antuk sawiji wig, ing Maglaran dhusun.
18. Gya winejang kinen aningali, rupa kang mancorong, kadya wulan purnama tandhane, jroning guling kaeksi lir ngimpi, ngimpi dudu ngimpi, iku maksih luput.
19. Awit angen-angen kang ningali, warna kang mangkono, tandha durung lunga saka kene, sigra ngalih malih guru nadi, neng Gembong umanggih, guru tameng tuwuh.
20. Tanpa tutup pamejange gaib, mung kanthi pasemon, kadadyaning manuswa akire, tibeng suwung mengko (1) ana jati, mratani sabumi, iku kinen ngluru.
21. Iya iku barat kang nrambahi, bumi sa-antro, napasing wong iku sajatine, asal saka angin dadi angin, kang bakal pinanggih, lirnya manjing suwung.
22. Suwung wangwung wuluh wungwang isi, napas angining wong, ywa pracaya ngelmu kang mangkono, padha lawan agama Sarani (2), saben Ngahad manjing, greja Yesus Kritus.
————————————
(1) Bok manawi leresipun : mengku ana jati. (2) Kala rumiyin tiyang Jawi ingkang ngrungkebi agami Nasarani punika taksih kalebat nganeh-anehi.23. Minta jembar kubure yen mati, lepas paranya doh, iku desa Negara panggonane, Majakerta araning nagari, meh lumrah wong Jawi, Ngisa gama luhung.
24. Kang mangkono iku datan yukti, wirangimng lalakon, nora weruh agamane dhewe, ngelmu apa bae anjarwani, ingkang dakik-dakik, lembut memet nyamut.
25. Saking anggele agama Nabi, Mukhammad kinaot, dening kanang pangolah yodane, jatha antayaning kwula Gusti (1), wit urip mring pati, titi temah jumbuh.
26. Anakseni bisa dadi saksi, ring kawruh kinaot, wong maguru dadi guru dhewe, Kangjeng Nabi Mukhammad Siyidin, mustapa sinelir, para manuswa nung.
27. Nung winenang atine awening, nJeng Nabi setyandon, tan kacakra bawa pasemone, janma mangke kang angaku nabi, bisaha mangirib, kadibyan ingkang wus.
28. Nyatane Mukhammad luwih sungil, angeling lalakon, nora aweh yen durung pratameng, gampang wong kang ngaku aran nabi, lirnya nabi wening, wenang njereng ngejum.
29. Min awal ( ﻣ )sirah : akhe ( ﺤ ) ing dhadheki, mim akhir ( ﻤ ) wudel wong, dal ( ﺩ ) sukune (2) kewala tan angel, sedene ros (3) rasane Hyang Widi, gampang bae kaki, saben bocah keh kawruh.
30. Lah kapriye patraping pangesthi, tirta nirmayanjog, jaman muksa menyang ndi parane, jaman urip kinarya punapi, patine nyang endi, apa sebabipun.
31. Pupujanen kang kanthi prihatin, patraping lalakon, wajib wenang sira kinen golek, rehning wong urip jodhone pati, tan kena sumingkir, tumempuh ing idhup.
—————————
(1) Bok manawi pikajengipun : prakawis anekadaken bab sipating kawula kaliyan dating Gusti. (2) Kinten-kinten gambaripun makaken. (3) Bok manawi leresipun roh (mirs. XIII : 11).32. Kaya priye adheping patitis, janma sura tanggon, ngenggon-nggoni ing sangkan parane, myang antara kapundhi kapusthi, yen wus kroban saksi, sanyataning laku.
33. Sun wus manjing guru tanah Pasir, ngelmune kacrios, sadat sakarat ing pamejange, wijang-wijanging sawiji-wiji, la ilah illahi, dununging palungguh.
34. Ringkesing jumbuh kumpul siji, umanjing mring njero, lawan ana tnadha katontone, neng njro carmin pangiloning warni, binuwang kaca nir, maksih lu-dinulu.
35. Iku maksih kuwur wor ijajil, jajal lanat melok, nuli ana wong pratama maneh, tanah Clacap desa Jeruklegi, pamariding ngelmi, dakik sengguh nyamut.
36. Memet umeting Mukhammad nabi, sajatining uwong, myang sipat asma apengale, lirnya kang dat angen-angen batin, sipat wujud janmi, asma araning hu.
37. Apngal panggawening lahir batin, batine Hyang Manon, napasing wong den upamakake, kemladeyan nunut anguwati, pamejangnya remit, thuk-thuk adu bathuk.
38. Larangane kang winanti-wanti, tan kena kacrios, kudu uluk salam salamete, warna-warna jroning tanah jawi, akeh kang anyami, ing papacuhipun.
Pupuh VIII
P U C U N G
1. Sun nggaluyur, murang marga luru-luru, sampurnaning gesang, miwah sampurnaning pati, kaya priye trape kang pinudyeng taya.
2. Nuli nemu, neng Pakalongan wong putus, wewejanganira, la ilaha illallahi, wusnya kawin nulya nglunturken wasita.
3. Kang tinutur, pralambang patraping ngelmu, mangkana bakunya, kang kinarya nomer siji, randhu alas mrambat witing kasembukan.
4. Iya iku, raganing wong pami randhu, napase sembukan, uripe manuswa iki, saking napas lebu wetune pinuja.
5. Malihipun, nomer ro ingkang tinutur, cebol nggayuh lintang, lumpuh angideri bumu, iya iku dayaning pikir manuswa.
6. Tunggal wujud, angen-angen siring kalbu, pratandhane ana, manuswa lungguh neng ngriki, pikir bisa mubeng anjajah nagara.
7.Nomer telu, wijining-wijang tinutur, uga linambangan, uget-uget nguntal bumi, iya iku babaring pancering netra.
8. Dene lamun, nedya manyatakken kawruh, wuwuhing sampurna, kudu wruh kanthaning pati, nuli ingsung binungkem dalaning napas.
9. Sru tinutup, dadalan weruh ing maut, patraping palastra, napas nora kena mijil, lah ta iku rasane luwih rekasa.
10. Rehning ingsun, wong bodho cegik truwilun, banget sewu nrima, ngungun ing tyas trima kasih, sun rumangsa rejaseng sik Suksmantaya.
11. Pangrasaku, ndulu tan liya kang ndulu, kulunging wardaya, narambahi budi mletik, nora weruh ngelmu Buda kang katriwal.
12. Tan pakantuk, yaiku guru ketawur, yen wong kang wus pana, nadyan angicipi pati, kang patitis tan mangkono patrapira.
13. Qur’an nutur, watasimuka billahu, werdine mangkana, heh janma kang ati-ati, padha sira ngreksaha talining Allah.
14. Kale iku, napas tinutup tan metu, yekti nora kena, dadi tetep ran wong musrik (1), tan prayoga guruning peri prayangan.
15. Yen wong putus, sandining Hyang tan kalimput, sampurnaning pejah, tan sudi memet puniki, yen wong mati gurune janma pralaya.
16. Yen wong idhu, maguruwa janma idhup, adeping ngagesang, kasangsang madyaning bumi, amijeni mring putra wayah tumerah.
17. Reh kacakup, cangcut kyat cakep kacukup, pamedharing ganal, nyamut lembut wus kapusthi, pasthi pedhot sasmita kawruh sampeka.
——————————
(1) Musrik = ingkang nyakuthokaken Pangeran.18. Wiweka gung, kageleng dadi gumulung lekasing ngagesang, miwah manising pambudi, dadi daya tarbukaning tyas kang samar.
19. Luwih ewuh, dalane wong tumuwuh, mrih wuwuhing rasa, martandhani kehing urip, urip iku dayaning sasmitaning rat.
20. Kang dadi wus, wasesa semune luhur, bayan Allah (1) terah, mratandhani kehing urip, urip iku dayaning sasmitaning rat.
21. Musthika gung, ing dunya tan na kadulu, mratani kahanan, amung manuswa kang luwih, iya iku sewu nugraha mawantah.
22. Marmanipun, bagus dudu rupa wangun, mung tandha kang nyata, padhanging ati nrambahi, ing wicara kang wus carem liring limpad.
23.Sukur bagus, rupa myang wicara wangun, ngelmu kasusastran, Jawa Ngarab kang patitis, myang sandining tulis basukining basa.
24. Mangkya wangsul, mangsuli laku nggaluyur, mbraung njajah praja , angupaya ngelmu jati, jatining wong kabutuh tan mengku drajad.
25. Amung lothung, tinimbang dadi wong gemblung, padune wus kalah, kinarya narimeng pasthi, reh papasthen dinulu nora pratela.
26. Ngulon nurut, saking Pakalongan terus, sarwi nungsung warta, angupaya ngulama wig, dupi prapta dhusun Tanjung bawah Tegal.
27. Sun angrungu, ana sajuga wong putus, tatas kawruhnya trang, nuli sun maguru ngabdi, amiminta lumunturing kang wasita.
28. Aneng ngriku, kongsi antuk tingang tengsu, reh tanpa prabeya, marma kalampahan ngabdi, saking welas tumulyantuk kawelasan.
29. Kang tinutur, patrap pratikeling lampus, aran panengeran, kapriksa sajroning urip, kurang patang puluh dina wus pratela.
30. Iya iku, neng tutuk panggonanipun, palenggahan rasa kalamun wus nora keri, kurang patang puluh dina prapteng mangsa.
—————————-
(1) Bayan Allah (bayaanu’llah) panerangan bab Allah.31. Kurang pitung, ari kinen andudulu, wus tan kantha warna, telung dina kulit daging, tan kumrisik lamun wus kurang sadina.
32. Napas mlebu, metu asrep kewala wus, cupet ing ngagesang, nulya na rupa sajati (1), cahya lembut sarambut keksi ing ngarsa.
33. Pecatipun, nyawa saking jempol suku, munggah mring gelangan, nemu regol den arani, nganti lawang sapta trus munggah ing utak.
34. Nuli nemu, rurupan kang gumun-gumun, ing kono kapanggya, lawan Hyang kang murbeng bumi, kantha warna lir rupaningsun priyangga.
35. Glis lumebu, mring kantha ingkang kadulu, yen wus nuksmeng kana, nulya jumeneng narpati, iya iku nggoning swarga kang mulya.
36. Bakin (2) terus, urip nora keneng lampus, enak tan pantara, den arani sipat kadim (3), lirnya kadim badan alus mengku sipat.
37. Mangkoneku, guru linglung tanpa kusur, kaleru ing tekad, tur nora bisa nekseni, datan weruh ing agama Sangkreta.
38. Tegesipun, Sangkreta tembung Indhu, mangkono tekadnya, dhasar sun wus minta wangsit, neng Betawi angguguru wong Turkistan.
39. Kacek tembung, maksih basane wong Indhu, memper Kawi-jarwa, dene kyai Tanjung nguni, mung badane tolek (4) tembunge wong Arab.
40. Dadi luhur, akeh wong ingkang sumungsung, tur den alembana, pribadi sangsaya wingit, pangakune saking Grebon Kangjeng Sunan.
——————————
(1) Wonten ingkang kaserat : rupa sawiji. (2) Bakin (baqaa) = langgeng. (3) Qadiem (qidam) = wonten wiwit rumiyin mila. (4) Tolk = juru basa ; ing ngiki pikajengipun : basa.41. Jamanipun, wali titinggalan iku, maksih rupa derah (1), binuntel sap pitu putih, kinutungan ing dupa saben Jumungah.
42. Nembah jumbuh, lir brahala sru mabukuh, kukuh adheping tyas, yen siswa di ambek julig, nora sudi nadyan Qur’an sinembah.
43. Wit mituhu, tembunging kitab pepacuh, tan kalilan nembah, rurupan liyaning Rabil-ngalamina (2) ingkang kak wujuding Suksma.
44. Nulya ingsun, aneng Betawi kaparanggul, gurune wong kalap, gama Kristen kitab Injil (3), sun muruita trap pratikeling sampurna.
45. Tan sinung wruh, mung kinen madhep kang sujud, nora sah ing kajat, jatining kawula Gusti, manuswa gung kabeh putrane Hyang Suksma.
46. Kang sumengkut, angenggon – nggoni kang jumbuh, ngaku Nabi Ngisa, rohullah kang mengku urip, iya iku angen-angen lawan napas.
47. Kang mangestu, ing mbenjing masthi katemu, Kangjeng Nabi Ngisa, sayektine maksih nganti, kawulane aneng sawarga kasapta.
48. Iya iku, wong kabentur tembung bagus, Injil crita mulya, kang den pertal tembung Jawi, luwes dhemes tuwan Winter Surakarta.
49. Ingkang bagus, luwih rerengganing bagus, mulya di utama, kang memelas asih-asih, sing amulat wong Jawa akeh kagiwang.
50. Nora weruh, peteng atine kalimput, mepeti tyas mamak, muk-mukan tan darbe pikir, kira-kira lan panyanane katriwal.
51. Wong Jawa gung, ing Batawi samya nungsung, salin sesembahan, manut tataning Sarani, malbeng greja manembah arep-arepan.
52. Kang sinengguh, Nabi Ngisa maksih idhup, iku dadi tandha, linglung klalanganing pikir, wirang isin wong Jawa alin agama.
53. Gamanipun, Ngarab pribadi tan weruh, nggayuh gama liya, suprandene den antepi, wus prasasat wong Ngara ing Majakerta.
——————————
(1) Derah = pepethan. (2) Rabbul ‘alamien = ingkang mangerani sadaya alam. (3) Pamanggihipun pangripta tumrap Islam ingkang namung sak pitados thok, mirsanana Pupuh VI: 14 – 18.
Pupuh IX
P A N G K U R
1. Wong Kristen agama Ngisa, tanah Jawa tekade keh ngantepi, kelu crita edi nyamut, pangrasane tetela, ing Batawi Samarang Surabaya gung, Pasuruan Sidaharja, ing Malang tuwin Kadhiri.
2. Desa Gombong tanah Ngroma, tuwa anom lanang wadon mestuti, mring Injil pituturipun, ingkang luwih sampeka, anyukupi urip prapteng patinipun, yen guneman amacithat, nanacad amomoyoki.
3. Marang agama Mukhammad, kang mangkono iku datan prayogi, awit ing sayektinipun, sakabehing agama, nora ana ingkang ala ingkang bagus, de anggepe bangsa Islam, tan ana ingkang ngungkuli.
4. Agama Nayakaningrat, Kangjeng Nabi Mukhammad kang sinelir, nganggit Qur’an kang dhumawah, dadi umuling (1) kitab, pira-pira kawruh ingkang bagus-bagus, ngencengaken marang tekad, ala becik den kukuhi.
5. Pangudining sangkan paran, kauripan kang jumbuh tur pinardi, sinajarwa winawuruk, kadadyaning tumitah, angawruhi sabarang reh kang gumulung, gelenganing tyas narawang, goroh yekti kanthi saksi.
6. Neng Batawi sun muruwita, mring wong Cina panengeran Bah Tik Suwi, winruhken kawruh kang jentus, panggonane kang murba, dununge neng ngisor bumi kang kapitu, iyeku Allahing Cina, ajujuluk Kok Hong Sang Ti.
7. Pardikane kinawasa, kang masesa sesining buwana di, yen pinuju muji jumbuh, sayektyasmu pratela, neng papreman lir manuswa sipatipun, de lungguhnya kang sanyata, aneng manik netra kalih.
8. Iku ingkang jinalukan, rina wengi kang mathentheng ing ati, yekti apa kang kinasdu, ing dunya trus ngakerat, pasthi nemu sabarang reh tekadipun, mangkono patraping Cina, tan beda sujud ring Widi.
—————————–
(1) Ummul kitabi = (letterlijk) babning kitab.9. Akeh-akeh pituturnya, mokal-mokal tan kasebut neng ngriki, dene riringkesanipun, wong ulah ngelmu Cina, kang wus pana sajroning limalas taun, bisa bali marang dunya, tumitis marang babayi.
10. Sun malih terus ngupaya, sampurnaning pati ingkang patitis, neng Cikandhi raning dhusun, bawah ing kutha Serang, yen ing kono ana wong kacrita putus, tumulya sun muruita, wanci ratri sinung wangsit.
11. Winejang ing tembung Arab, sahadat la ilaha illallahi, wa annahu Mukhammadun, rasulullah mustapa, linungguhken sastrane sajuru-juru, aneng badane manuswa, luwih dakik gaib-gaib.
12. Ngelmu sarengat tarekat, kakekat lan makripat ing palinggih, suku wudel dhadha terus, resik bersih sabadan, asal-asal mula bukane tinutur, miwah akiring tumitah, manjing ing sawarga nangim (1).
13. Nuli araning sagara, linungguhken aneng badan sajalir, kaya usus puniku, uga aran sagara, winastanan sagara rante puniku, gigir winastan sagara, ageng ingkang tanpa tepi.
14. Jantung ingaran Madinah, betal makmur (2) ing Mekah kang palinggih, iyaku aneng sastra hu, lan malih sinajarwan, surya wulan sumurup ing netranipun, de putih irenging netra, dadi rina lawan wengi.
15. Saking cupeting tyas ingwang, sru narima suka sukur ing Gusti, pungun-pungun getun ngungun, ngangseg mantep ing driya, pangrasengsun ngelmu lembut memet nyamut, wruh umetnya mim mukhammad, tablege (3) pratistheng jisim.
16. Rumangsa rejaseng tingal, salulut sih Gusti kalawan dasih, mathem mathentheng ing kalbu, musthi ring Suksmantaya, maletiking jatha tan rumangsa manus, ambeg Sang Seh Sitijenar, tan wruh yen agama kang wis.
———————————
(1) Jannatun (suwarga) na’im. (2) Betal Makmur (griya parameyan) wonten ing wirit dipun tegesi uteg (sastra hu = huteg). (3) Tableg = tetep ; sanes tabligh : nekake dhawuhing Pangeran, ingkang lajeng ateges propaganda agami.17. Yeku agama Pakuwan, Hyang Brahma kang mbaboni amiwiti, uga Buda jamanipun, luhurnya prapteng mangkya, sinalinan tembung Arab kang kalaku, jaman agama Mukhammad, met kitab sangkaning kidib.
18. Supayeku ginuguwa, sajatine tapsir awalnya sepi, suwung kabeh nora nutur, yaiku ngelmu karang, pardikane karang anggitaning manus, nutur ngelmune wong Buda, den lih tembunging Arabi.
19. Angelokken ing pangucap, sipayane nyalini gama kang wis, sajatine nora santun, maksih gandhulan kuna, ngelmu Budawaka kang maksih linantur, lulurine kakek moyang, den kencengi prapteng pati.
20. Akeh wong Jawa mangkana, para guru para murid tan slisir, ambeg cakep putus cukup, ing ngelmu kasampurnan, satemene wong mangkono maksih linglung, ngengleng lir wong kalang-langan, pikir pinetengan pati.
21. Prandene akeh wong prapta, anggugulang kalanggenganing ngakir, kira-kirane kadaut, sulaping tyas kang samar, ngawur nasar-nasaran sruwa kaliru, wus mangkono salaminya, janma kang nora patitis.
22. Datan patitis ing cipta, wit kaliru kajurang-jurang margi, muk-mukan tur nyanuk-nyanuk, buteng prasasat ayam, nucuk jagung neng conthongan manthuk-manthuk, tarathakan tan wruh marga, wutane prakara pati.
23. Wong wuta nadyan weruha, tan pratela sajatine kang gaib, prayoga ingkang ngguguru, ing tyas kawicaksanan, reh wus geneb manuswa sipat rong puluh, yen sinau pasthi bisa, ngulah sasmita lulungid.
24. Jroning pikirira ana, ngelmu apa bae kang luwih-luwih, nanging kang pratameng kewuh, ywa ge sira pracaya, saksenana ing panimbang myang panggayuh, tingtingen sarining rasa, rasane, rasane tumitah urip.
25. Sasmita kawruh sanyata, lan panganggit kang titi kang patitis, ywa tinggal sabarang guru, guneme pra ngulama, jaman mangke akeh kang nglakokken palsu, wit kehing ngelmu gumelar, gumrudug akeh mestuti.
26. Kang akeh para ngulama, amumulang mring para anak murid, yen maksih anyar ki guru, mimijining tanpa sarat, mung rasulan lan mori sakwasanipun, yen wus dadi jaran kepang, jathilan ngupaya dhuwit.
27. Gya nganggo srikawin semat, wus mangkono paguron yen wus dadi, laris manglaras mumuruk, mundut arta busana, angarani ing pamrih wetuning bujuk, wahyaning pokil pitenah, marma sagung wong ber budi.
28. Layang iki takokena, aja merang isin ngelmu den cupi, cinupan gandhulanipun, larangan kang pinuja, salawase ana ing kene kasebut, mung padha mamriha tambah, sagung kang maca miyarsi.
29. Lumembak mbalabar wutah, lembak-lembak sarehning wadhah cilik, rupek ciyut mawut-mawut, prayoga den pasanga, tanggap ing tyas pandulu pamyarsanipun, mung lathung aywa sumelang, gagandhulaning patitis.
30. Binabar ing kene aja, uwas watir nir-niran tyasmu isin, murih jembaring panggayuh, ngayah mangayuh yoda, yekti dadi sarjanambeg putus ngelmu, kasampurnaning ngagesang, sangkan paraning patitis.
31. Titising kawruh narawang, wawangunaning ngelmu kang tininting, enting tan ana kadulu, luluh lebur sinangga, kang wus mathem ing tekad miwah ing laku, kukuh kuwating pamudya, mudyastuti ing pamardi.
32. Wus nora kena kasoran, kawruh iki mung siji kang ngungkuli, arta kang pratameng lembut, saliyane punika, nora keguh sarambut pinara sewu, mung tinimbang karo mlarat, becik ingkang sugih ngelmi.
Pupuh X
MASKUMAMBANG
1. Ing wilapa kumambang gatining tulis, tulus panedyanya, manuswa kanggonan budi-daya karsa beda-beda.
2. nandhing milih mangayuh budi maletik, mamrih wicaksana, kang ewuh lembut pinikir, kira-kirane kang nyata.
3. Ngakal-akal cukuling kagunan mijil, ing pangreka daya, kang kanthi saksi, angel wong tumitah gesang.
4. Luwih gampang wong mikir laraping pati, wus pasthi sampurna, sadaya anyaring bumi, ing kono lah rasakena.
5. Kang tumancep ing driya panggalih wening, ning kang wus winenang, netepi uning ananing (1), anane kang wus pratignya.
6. Lawan malih pikiren kang mesthi kenging, jumenenging Allah, nora dumunung ing langit, tan dumunung ngawang-awang.
7. Tan dumunung ana sa-njeroning jisim, tan dumunung njaba, kale kak wujuddullahi, tembunging lapal mangkana.
8. Wa-ama burhanu wujudu lillahi, pokudulul ngalam, tegese tandhaning Gusti, mangka anyaring ngalam bab.
9. Lirnya ngalam saben maujud kaeksi, sinipatan ngaral, tagayur kang pwah gingsir, mung Allah ingkang kadiman.
10. Mangka ngalam iku kudu nganggo nganti, teteping anyarnya, patang prakara kang dhihin, isbatu jais tetepnya.
11. Kaping pindho anyare kang den kawruhi, kaping tri kang mokal, anyaring ngalam sakalir, ping catur tan wiwitan.
12. Sayektine dunya puniki tanpa wit, bumi langit lintang, surya wulan kang kaeksi, sadaya saking manuswa.
13. Lire saking manuswa ingkang akardi, sagunging kahanan, kalamun manuswa sepi, sayekti tan darbe aran.
14. Lah ta poma pikiren prakara iki, supaya tyas padhang, bisa maratani bumi, atining siswa kang terang.
15. Wus tan samar tanpa kira-kiranya nir, tan kacakra bawa, nora methok nora miring, iku sandining bawana.
16. Manuswa gung sadaya sangkaning bayi, datan darbe karsa, tan mosik nora mumuji, nadyan Allah durung ana.
17. Bareng prapteng mangsa ran isbatul jais, bisa nebut namaning Allah kang murbeng bumi, tiru-tiru saka liya.
———————————
(1) Puniku uger dhong-dhinging sekar, suraosipun boten kaeblakaken, dados sanes ukara : uning (sumerep) ananing (kawontenanipun).18. Luwih mokal luwih gaib sungil, nanging sewu gampang, wong ulah laraping pati, pati saking sangkanira.
19. Marma sagung putra wayah sun prih wegig, mumpung maksih gesang, sirnakna mamanging ati, kapriye trapmu mumuja.
20. Yen wus mati tan bisa sira mijeni, putra wayah wuntat, aywa kalantur lir kang wis, mbalasar kajurang-jurang.
21. Ngelmu dudu den antepi den pupundhi, tur kanthi kethokan, gulu ayam babon putih, karemaning rasulullah.
22. Begja temen wong kang bisa anglakoni, apa nora wirang, mumulang mring anak murid, yen kaweleh ing sarjana.
23. Wong kang putus tan bisa sung patrap pati, tan bisa mumulang mring anak murid, yen kaweleh ing sarjana.
24. Ywa mangkono wong ulah sasmita gaib, kudu kang ajajah, sarining kawruh kang suci, kasebat ing kanyatahan.
25. Jaman iki mulyadi akeh janma wig, akeh sarjaneng rat, wong kang mangulah patitis, ywa lonyo sabarang wulang.
26. Nora gampang amumuruk marang murid, kaki mbok manawa, katanggor janma kang luwih, wusanane kathetheran.
27. Calurutan guru tinon lir thokrani (1), cangkem kacemutan, yayah palwaga den misri (2), sun wus tau kasusahan.
28. Sun mimijang mring sarjana putus westhi, tan wruh yen wong pana, nuli sun binudi-budi, tinakonan kang sanyata.
29. Dadi meneng ingsun tan bisa mangsuli, temah kawanguran, nora bisa sung patitis, sun iki nedya tatanya.
30. Wekasane kelantur bodhoku dadi, guru garagapan, mamangan kawruh tan yukti, awit tan gelem kasoran.
31. Marma sagung putra wayah kang niteni, yen ana sujanma semu putus liring ngelmi, aywa isin muruita.
————————
(1) Thokrani (bathok digarani) = siwur. (2) Den misri = dipun endemi cekakik.
Pupuh XI
DHANDHANGGULA
1. Nuli ingsun saking Serang bali, mring Batawi nedya muruita ngelmu kasidan patrape, antuk warta saestu, kampung krukut jujuluk Sayid Odrus putreng Ajeman, Kramat langkung kasub, tumulyengsun puruita, tan alami nunuwun lumunturing sih, sampurnaning kasidan.
2. Sidaning wong tumitah neng bumi, urip iku jodhone palastra, saben ri kalong nyawane, tan weruh kantunipun, sapira yen maksih taruni, tan pisan nyipta pejah, wusnya prapteng sepuh, saben dina gung sumelang, awit jisim anyar lawase mrepeki, anggege pulang kadhang.
3. Pikir mumpus-mumpus meksa mapit, sumpeging driya aninggal dunya, yen tinariya patine, saestu matur nuwun, mopo awit seneng ing ati, gumelaring rat dunya, lumyat wayah sunu, kula warga wangsa-wangsa, wus mangkono wong aras-arasen mati, aja maneh manuswa.
4. Nadyan kewan kang tan wruh ing pati, yen katempuh lara kasangsaran, sikil pincang dhengkleh-dhengkleh, suprandene lumayu, golek urip andhelik-ndelik, yen mangkono pra sipat, ingkang kayat kayun, tan gelem katekan pejah, marma sagung sarjana kang mamres budi, budinen traping muksa.
5. Kang supaya tan sumelang ing pati, wong sumelang durung trang pamawas, marang laraping patine, anaha ingkang weruh, met wawarah guru kang urip, iku durung pratela, pati kang satuhu, tuhu-tuhining pralaya, pati iku rumaket sajroning urip, nyirnakken was sumelang.
6. Melang-melang wong kang durung uning, tansah kacakra panggonan mbenjang, nemu swarga sawarege, ananging durung tau, anglakoni panggawe pati, lamun janma kang pana pramanem kang durung, awit saking dening nyata, angguguru marang janma kang wus mati, dadi tan ngayawara.
7. Wusnya sun matur mring tuwan Sayid, gya winejang wijanganing sasmita, kang nyamut memet umete, ing kene tan kasebut, awit waleh melehken kidib, manawa kawadaka wiwijanganipun, salah tampane kang tampa, tan prayoga nguculi ngelmu ingkang wis, manawa kathetheran.
8. Kang wus klantur ngelmu nguni-uni, yen kawiyak kawruh kang sanyata, isin nampik gandhulane, wus mangkono pra guru sesenengan dupi wruhnyataning, tininting tek entekan, neng kene kasebut, dadi mothok lir pathokan, nora kongkih tur ing batin mikir-mikir, anggayuh saya tuna.
9. Amilia wong ngguguru yun luwih , kaluwihan ngelmu kang sampurna, lir Sayid Odrus sajare, pinapajar jinuju, purwa madya wusana ngenting, mangulah rejaseng tyas, ingkang tyas wus kasub, jumbuh pamusthining nala. Lelejeming kakekat makripat tunggil, tarekat lan sarengat.
10. Sipat-sipateng badan sakalir, dayaning tyas mokal kang nyata, saka saksi-saksi kabeh, kiniyas (1) tanpa catur, yen jinereng ngebeki bumi, asal-usule gumelar, melar malar kaglung, gugulanganing pranyata, nyataning dat sajati pinundhi-pundhi, nora kinaya ngapa.
11. Susetyaning tyas ngeningken wadi, sandining sasmita ngelmu rasa, sandining urip praptameng, pathining rasa kaglung, kulunging tyas semu mantesi, sandining puji puja, pujining tumuwuh, tumuwuhing budi tama, tameng sandi janma tumitah neng bumi, sayogya met budyarja.
12. Harjaning wong tumitah kang wegig, mumpuni reh pangulahing gesang, kusung-kusung pamusenge, wiging sasmita kenyut, ngayut tuwuh jodhoning pati, pati titising cipta, tandha saksine trus, nrusi ngengrenganing warah, ngarah-arah anon – tuhoning pangeksi, medeming tyas narawang.
13. Wong wus carem sandining Suksma di, myang sandining rasa myang Mukhammad, datan pinikir nyatane, kang pinikir pinikut, lakuning wong marcapada wig. Wignaning (2) pancadriya, pangambu pangrunggu, paningal myang pangandika, tep-tinetep tetepe pada nguwati, jumenenging sirullah.
14. Angen-angen kang munah murbani, kuwaseng reh masesa sabadan, kuwat saka pusarane, napas talining idhup, prasasat Hyang kang murbrng jisim, ngratoni sajagad rat, cangkremeng siswantuk, pati munah kawuleng Hyang, mung upama mangkono ywa den antepi, dhinaku aran Suksma.
———————-
(1) Kiniyas = dipun samekaken (sk qiyaas = ukuran). (2) Wigna ing ngriki ateges kabisan utawi kaluwihan.15. Allah iku dudu johar manik, dudu nur mukhammad rupa cahya, dudu roh saanterone, tan njaba njero dudu, marma wong kang anjala wening, ninging cipta sarasa, tan pisah angluru, ruruba katur Hyang Suksma, mung weruha kawasanireng rat jisim, ing kasantikanira.
16. Sewu mokal kahananing gaib, kang dumunung badaning manuswa, kang gampang myang pakewuhe, angel sungil wit lembut, memet nyamut pratignyeng pikir, awasna wawasen tyas, pancadriya tyasmu, mobah molah pari polah, mosik meneng anteng lageyaning budi, catur wiwara warta.
17. Ing pangeksi tep-tinetep ugi, ing wicara careming susetya, sedya loro ngucap ijen, pangrungu lan pangambu, bangkit ngaturaken patitis, sampyuhe lir cancala, tumempuh ing laut, keplas loro wujud tunggal, seje jinis mungguh wong Buda njarwani, badan alus lan wadhag.
18. Lirnya alus angen-angen batin, wadhag jisim kang katon satmata, mratandhani kawulane, woring pupu-pinupu, ingaranan kawula Gusti, nanging ywa salah tampa, dudu Hyang Maha Gung, dudu Allahu Tangala, mung jumeneng guru pikiranmu pribadi, marmane keneng edan.
19. Ingkang salah tampa wor ijajil, Gusti Allah neng sajroning badan, marma tumpang suh pikire, napas pikir rinengkuh, sanubari kratoning Gusti, ana mring sipat kodrat, myang rasa tuwin nur, daliling Ngakaid terang, sung pepeling wujuding Hyang Maha Suci, la dihni la karija.
20. Tegese Hyang dudu bangsa ati, dudu njaba kang sipat pratela, wa la joharin tegese, dudu nur mukhammadu, wa la nufus Gusti Allahi, sayekti tanpa napas, nadyan napas dudu, myang au la murtasiman fi kiyali tan kacakra Maha Suci, angen-angening janma.
21. Lowah nglangut tan kaeksi, awit lajamana la makana, nora mangsa nora enggen, pasthi wujudullahu, wa la lidin tur wa la nidin, tan lawan datan timbang, myang la yukayafu, tan kena kinaya ngapa, kang pramana sandining Hyang pikir mletik, sayekti nora kewran.
22. Den alingana sagara geni, bumi sap pitu langit sap sapta, nora ewuh pambatange, lageyan liding semu, lajeming tyas tan mirang-miring, pambabaring widyastha, wus nora pakewuh, wih kaling-kalingan wrana, rangkep sasra winiyak sapa kaeksi, seje kang ati tuna.
23. Denya tan wruh padhang kang ngalingi, sujanma wruh kalingan ing netra, ngucap kalingan cangkeme, kuping kalingan krungu, gugon tuhon barang tan yukti, mambu kalingan grana, mangkono truwilun, luwih angel sung wawarah, yen wong wuta tinuntun ratuning gampil, yen wong kalingan padhang.
24. Luwih ewuh pakewuh sinung wrin, saka pangakune tetela trang, nggandhuli kakek moyange, atine kang kalimput, angen-angen anarik silib, ngapusi kanyatahan, mila keh wong kleru, angen-angen cinipta Hyang, yen wong pana pramanem rasaning wadi, pikiran jajal lanat.
Pupuh XII
G A M B U H
1. Ywa sira tumbak tambuh, angen-angen jajaling tumuwuh, sapiraha pikir yen maksih basuki, meh pantes dadi Hyang Agung, awit kuwasa satyelok.
2. Nanging yen krasa dudu, nora pisan pantes yen dhinaku, nedya nyebrot miwah ngecu ngampak maling, angen-angen wus lumaku, apa sasedya rumojong.
3. Heh den awas puniku, wong sinau putus ing panggayuh, de yen mukmin kang cingkrang durung patitis, hawa nafsu cukulipun, ati pitu jantunging wong.
4. Pinara pitu dinum, lagehane wawatekanipun, sinalinan tembung basane Arabi, ginambar rupane saru, pating cloreng dubang kecoh.
5. Ting ceno pating trutul, pantes temen sastra Ngarab kluwus, tilas tetes dinilatan mratani, sarwa saru yen dinulu, ukara basane crobo.
6. Kithal kaworan dhusun, yeku derah kangwus pating dhrawul, dhodhal-dhadhil sarta den enggoni tinggi, biniyak bubar lumayu, pinithes ingambung sengog.
7. Lah iku mukmin dhusun, ngathik-athik karya kethuk mbujuk, ngalam pitu kalimah tayibah tinulis, Allah lan Mukhammad den du, sastrane ginawe elok.
8. Akeh caritanipun, jroning derah ingkang gumun-gumun, iya iku kang dadi metengi pikir, nanarik ati anggugu, ngguguru tulisan goroh.
9. Goroh garan pambujuk, nora weruh yen ngelmu kepaung, nuli ingsun neng Singapura kepanggih, lan Seh sarjanambeg ngelmu, derah sun dadi guguyon.
10. Wekasan ngungun njetung, sun nora wruh ngelmu kang satuhu, ngalor ngidul kawruh tan pisah sanyari, marma wong sarjaneng kawruh, sandining bawana ngeglo.
11. Datan wawaton tutur, mung pambudi dalaning panggayuh, ngayuh ayah-ayah yoda mrih maletik, tikswaning tyas tajem kaglung, nggugulang budi krahayon.
12. Wong kang pana ing lembut, yen wus weruh sangkan paranipun, kanthi saksi nyataning kawruh kang sungil, gampang angele kacakup, cakep cukup urip maot.
13. Jajah sagara madu, pathining rasa musthikeng kawruh, nora keguh wruh kawruh kang dakik-dakik, wit wus tininting kapupus, susetya di wruh pakewuh.
14. Pati iku tan ewuh, wong kang wenang wawarah kang wus wuk, bali musthi titise kawruh sajati, ingkang titi titis jumbuh tambuh-tambuh traping maot.
15. Wus sirna wus pakewuh, bangsa pati kang durung wus kaglung, ginagulang gegelenganing dumadi, dadi kadadeyanipun, wus tan kacakreng pasemon.
16. Tan pralambang tan semu, datan kira-kira tanpa tutur, sangkan paran antara kang den kawruhi, tan njala kang durung-durung, tan mikir kang wus kalakon.
17. Wit sampyuhing pangeyut, pandulu myang pamyarsa pemuwus, panjerenge pangikete kang wus pinardi, adi-adining tumuwuh, barang wujud ingkang katon.
18. Dadi contoning laku, datan pae lan wujud wajibu (1), cucukulan kang gumelar aneng bumi, mratani dadi panggayuh, mamrih saksining krahayon.
19. Yuwana tekad putus, manatasi sukertining ngelmu, jumenenging caksana murtining gaib, nora kewran ing alembut, myang agal kang wus kabatos.
20. Batine angguguyu, mring sasmita getun ngungun njetung, tungtunging tyas wening mratani sabumi, cakraning buwana kemput, iku manuswa waspaos.
21. Siliring maruta nrus, mratani ing jagad kawengke, bumi langit cucukulan kang kaeksi, tempuhing mandaya meru, gebyaring dipengrat manggon.
22. Sasi purnama tengsu, wus kageleng atine wong putus, dadi saksi karusakan lan dumadi, campuhing tyas dadi semu, kanyatahaning pasemon.
—————————–
(1) Wujud wajibu = (dzat) wajibul wujud = Allah.23. Sandining pati saestu, culika gung nasabi pandulu, marma akeh pra pandhita kleru tampi, musthi pati tamah kleru, tan weruh jatining maot.
24. Angen-angen kasedul, lalu lulut kalayu ing palsu, pati iku nora mlebu nora mijil, nora manggon nora suwung, iku sajatining uwong.
25. Sandining urip iku, wruh ing jisim roh ingkang lumaku, napasing wong mlebu metu dadi puji, apa sakrenteging kalbu, cinipta kuwaseng Manon.
26. Ing sajatine dudu, yen pana di murtinireng kawruh, susilarja manranging cipta sajati, tarku siwalah kaglung, tegesing lapal mangkono.
27. Tinggal sabarang laku, dudu krananing Allah satuhu, mung krananing manuswa ingkang linuwih, awit Gusti kang Maha Gung, tan ngalap lantaran ing wong.
28. Mobah molah satuduh, ing pribadi marma bener luput, wus mangkono wong wicaksaneng pambudi, seje lan janma kepaung, polah tingkahing Hyang Manon.
29. Malah tan ngrasa kagung, rina wengi selulut Hyang Agung, pancadriya sadaya Allah kang darbi, iku ciptaning lelembut, kang manggon neng kayu growong.
30. Prasasat tekek klawu, sajeg jumbleg neng growongan kayu, nora weruh marang cakraning budyadi, tansah ngukuhi kajumbuh, Allah tunggal aneng uwong.
31. Marmane yen wong putus, tetes tatas pantes kawruh jentus, tan mangkono pangakune ring Hyang Widi, kabeh kabudi kacakup, lajem sandining Hyang Manon.
32. nanging prakara iku, luwih memet mumet nyamut-nyamut, lamat-lamat lir thathit tempuh jaladri, driya smu karoban, getun, ngungun eloking lalakon.
33. Heh kang maca kang ngrungu, lalantihen rasa sraseng tembung, ywa katungkul mamet ruming swara manis, tembang tembunging pituduh, iki enggoning ngelmu wos.
Pupuh XIII
ASMARANDANA
1. Rinenggeng sastra kinawi, macapat tembanging basa, supaya trang pamawase, nyirnakake was sumelanging tyas, mumuk mamang kabengkas, saking surasaning tembung, cinitreng kartas sampeka.
2. Lalakon kanggo ing urip, sampurnaning kauripan, saka jajah pangawruhe, sarjana susila tama, kataman ing sasmita, ing ngelmu kang alus mulus, murtining reh pudyeng taya.
3. Ruruba wajibing urip, kang kahatur Hyang Sudyarsa, sandyan wus wruh sandine, salah kaprah linakonan, nadyan mblasar kajurang, witing wruh saka kaliru, ngulah swarjana kretarta.
4. Wruh ing mokal wruh ing yekti, yekti nyataning pamawas, tanpa was reh wus prasajeng, sarjanambeg kasusastran, titi titising cipta, pinarsudi nora ngawur, bedane lan wong kang tuna.
5. Wruh kalingan pangeksi, dalan jembar resik padhang, mbarobos kacanthel-canthel, pating dhradhil dhadhal-dhadhal, prandene tan uninga, kang wruh mung janma kang putus, marma ing mengkono winedhar.
6. Tamaning janma di murti, murcita sandining barang, patraping puja pujine, ywa nganti angayawara, wong urip iku Islam, pikukuhe ingkang kukuh, wus memet daliling sarak.
7. Kitab cilik aran Sitin, wa kawangindal islama, kamsatun lapal tegese, tuwin pikukuhing Islam, iku cacah lilima, sahadat ingkang rumuhun, ingkang kapindhone salat.
8. Kaping tri jakatul fitri, kaping pat puwaseng Ramlan, ping lima khaji yen darbe, kuwasa sanguning marga, heh sagung para Islam, prayoga ngawruhi rukun (1), kang kalawan linakonan.
9. Nanging sawuse ngawruhi, tegesing limang prakara, aja tuna dungkap tyase, wardi jarwane lilima, pardikaning sahadat, sira saksining Hyang Agung, kanyatahan saka sira.
10. Mangkana tembunging saksi, ashadu an la ilaha, wa annahu Mukhammade, rasulullah wardinira, anakseni manira, tan na rupa kang satuhu, nanging Allah Maha Mulya.
———————————-
(1) Rukun = saka guru ; sanes rukun ingkang ateges “damai”.11. Lan nakseni kang sajati, Mukhammad utusaning Hyang, tegese jarwane kabeh, manuswa sipat mukhammad, tur mengku rasaning dat, sipat roh utusanipun, yeku erohing manuswa.
12. Jumenenging Hyang Suksmadi, saking manuswa kang nyata, jumenenging manuswane, saking pribadi tetela, jumeneng tan pantara, wusnya tengaluk (1) jujuluk, mukhammad kang mengku rasa.
13. Akeg carita puniki, kuwasaning Suksmantaya, dhaku-dhinaku kwasane, rerebutan saben dina, yen wong pratameng weka, tan kewran ing agal lembut, kamokalaning sasmita.
14. Panjang yen winarneng tulis, lejeme sasmiteng sadat, ingkang padha krasa bae, ywa nganti angayawara, murtining kawruh nyata, saka panyiptambeg sadu, danurjaning wong utama.
15. Tan prayoga yen tinulis, wirang sinangga ing kathah, batinen bae patrape, ywa kaweca ing sasama, kang padha salah tampa, pasthi den arani gemblung, tan wruh dheweke kang edan.
16. Yab-yaban peteng ing pikir, kira-kirane kasingsal, nora uwal kasasare, sari-sarining kahanan, gumantung kakek moyang, ngukuhi kang wus kalantur, iku tiwasing agesang.
17. kaping pindho kang winarni, bab salat wajibing gesang, limang wektu sadinane, rukuning wudlu myang salat, prayoga kinwruhan, kang nora weruh tan pakantuk, patrap wus gumlar ing kitab.
18. Boya kasebut neng ngriki, awit wus akeh wong wignya, ing tembung patrap prantine, kalamun sira wus bisa, traping salat sarengat, lan weruha tegesipun, ing slat ingkang pinuja.
19. De pardikane salati, wus kajarwa aneng kitab, mangkana lapal unine, slatu rahmat mukaranah, tegese tembung salat, rahmat pinaringaken sampun, basa rahmat iku nikmat.
20. Lirnya nikmat seneng pikir, datan ngrungu basa ala, tan ngucap kasa kang elok, tan wruh rupaning jajal, tan mambu cecegahan, nikmat rinten lawan dalu, eling barang kasenengan.
21. Salating sujanma murti, tajeming napas tan pegat, marga papat (2) salawase, mobah molah dadi salat, meneng dadi panembah, marma ta upaminipun salat lir ilining toya.
———————————–
(1) Ta’alluq = teluk ; tawallu = sengsem.(2) Wonten ing wirid : 1. napas = anging ingkang medal ing karna ; 2. tanapas = angin ingkang medal ing lesan; 3. anpas = angin ingkang medal ing grana ; 4. nupus = angin ingkang medal ing netra.
22. Nora kandheg rina wengi, tan antara maca salat (1), salat sarengat kinaot, kang langgeng prapteng kiyamat, mangkana dalil kitab, wa srengatu Mukhammadun, bakin ila yomil kyamat.
23. Sarengate Kangjeng Nabi, Mukhammad dinil mustapa, tekeng ari kiyamate, lah iku wetune napas, pancadriya sabadan, langgeng sajeroning idhup, nora kandheg pujinira.
24. Nora susah cangkem muni, kacemutan mamres cipta, mujudaken ring Hyang Manon, kaya salate wong Buda, basa Rab lungguh Jawa, ing takbiratul ekramu, mring hu manjinging suwara.
25. Hu hu lir Cina mumuji, mring huteg pinuja-puja, ngeningken rasa pujine, heh sarjana ywa mangkana, tan ngandel takokena, wong Arab kang putus ngelmu, nora aweh hu hu munggah.
26. Saweneh wong mutangalim (2), salat umiyat ing grana, jatine napas den ilo, lah poma aja mangkana, yen sira arsa salat, baresa kewala bagus, nanging salar rasa (3) wruha.
== T A M A T ==
———————-
(1) Bok manawi leresipun : maca salam. (2) Muta’alin (saking : ta’ala) = ingkang minulya. Katndhinga kaliyan centhangan ing pupuh VI : pada 14. ewahipun lin dados lim, saminipun jin dados jim lan sanes-sanesipun.(3) Wonten ingkang kaserat : salat rahsa.
Sumber: Alangkumitir Wordpress.com
No comments:
Post a Comment